Metrum Macapat

Sabtu, 10 Januari 2015

1. Pangkur asale saka jeneng punggawa ing kalangan pandita. Pangkur ing Serat Purwaukara tegese buntut. Mulane Pangkur terkadhang diwenehi sasmita "tut pungkur" tegese mbuntut lan "tut wuntat" tegese ngéloni utawa mengikuti.
2. Maskumambang saka tembung mas lan kumambang. Mas saka tembung premas tegese punggawa ing upacara shamanistis. Kumambang saka tembung (ka- + ambang) + -um- tegese kembang. Ambang duweni sesambungan karo ambangse sing tegese nembang utawa ngidung. Mula maskumambang bisa diwenehi teges punggawa sing ngaleksanakake upacara shamanistis, ngucapake mantra kanthi nembang karo sesajen kembang. Sajroning Serat Purwaukara, Maskumambang diwenehi teges ulam toya sing maknane ikan air tawar.
3. Sinom sajroning Serat Purwaukara nduweni teges seskaring rambut utawa anak rambut. Nanging sinom uga ditegesi wong kang anom utawa daun muda.
4.Asmaradana saka tembung asmara tegese Dewa asmara lan dhana tegese geni. Sajroning Serat Purwaukara Asmaradana ditegesi remen ing paweweh.
5. Durma saka tembung jawa klasik tegese macan. Wateke medeni utawa suasana seram.
6. Mijil tegese metu.
7. Dhandhanggula saka jenenge Raja ing Kadiri yaiku Prabu Dhandhanggendis. Ing Serat Purwaukara, tegese ngajeng-ajeng kasaean.
8. Kinanthi tegese gegandhengan, kanca, utawa jenenge kembang. Kinanthi wateke seneng. Dienggo sajroning swasana romantis utawa mesra.
9. Gambuh tegese ronggeng, weruh, kulina, utawa jenenge tetuwuhan. Mula Gambuh wateke tegas, ora mangu-mangu.
10.  Pucung yaiku jeneng isi woh kepayang. Pucung tegese kudhuping gegodhongan. Pucung wateke utawa biasane dienggoi ing swasana santai.
11. Megatruh saka tembung Megat sing tegese putus utawa medhot, pisah. Ing Serat Purwaukara diwenehi teges mbucal kan sarwa ala (membuang semua yang serba jelek).

sumber
Edy, Yusro.2008.Puisi Jawa Klasik.Semarang:Cipta Prima Nusantara.

Pranata Mangsa

Kamis, 08 Januari 2015

Pranata Mangsa

Saben mangsa gadhah sipat piyambak-piyambak, bab punika saged katitik saking wontenipun ewah-ewahan, ing antawisipun ingkang ketingal wonten ing tethukulan, sato, angin, mega, lan lintu-lintunipun.
Salajengipun ngengingi bab umur, wiwit, candra, lan tandha-tandha alam saged kawaos kados ing ngandhap punika :
Mangsa Kasa ( umur 41 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 juni. Candra : sotya murca saking embanan. Tandha alam : ron-ronan sami rontok, kathah walang, kumbang lan jangkrik, anginipun dipun sebut Tata (sae), arah saking ler wetan, kathah bledug.
Mangsa Karo (umure 23 dinten). Wiwit tanggal 2 utawi 3 agustus. Candra : bantalarengka. Tandha alam : bumi pecah-pecah, wit kapuk sampun wiwit semi, anginipun dipun sebut gathi tegesipun kebak pangertosan arah saking ler wetan, santer, kathah bledug.
Mangsa katelu (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 25 utawi 26 agustus. Candra : suta manut ing bapa. Tandha alam : wit-witan ingkang mrambat sampun mrambat, deleng lan pala kependem wiwit thukul, anginipun dipun sebut wiyasa tegesipun ngrugekaken utawi palsu, raosipun asrep lan sekeca, sering kedadosan angin munyer.
Mangsa papat ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 18 utawi 19 september. Candra : waspa kemembeng jroning kalbu. Tandha alam : sumber kathah ingkang mampet, wit kapuk sampun wiwit woh, peksi sami dhamel susuh, kewan suku sekawan sami kawin, winih ulam wiwit nyebar, anginipun dipunsebut panca warna tegesipun lampahipun molah-malih, kawontenan mega awon.
Mangsa kelima (umur 27 dinten). Wiwit tanggal 13 utawi 14 oktober. Candra : tirta marta sumawur ing jagad. Tandha alam : wiwit wonten jawah, wit asem sampun semi, wit-witan ingkang mrambat sampun medal ronipun, kathah sawer medal, anginipun dipun sebut bayu, naminipun dewa angin, arah saking ler kilen, santer lan molah-malih arah.
Mangsa keenem (umur 43 dinten). Wiwit tanggal 9 utawi 10 november. Candra : rasa mulya kesucian. Tandha alam : who-wohan sampun wiwit mateng, kewan toyo sampun dados dhewasa lan medal suwiwinipun, angin dipunsebut ler saking arah ler kilen.
Mangsa kepitu (43 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 desember. Candra : wisa kentir ing maruta. Tandha alam : kathah titah ingkang nandang sakit panas lan madharan, jawoh terus- terusan lepen sami banjir mega awon (surem), anginipun dipun sebut buwana, arah saking kilen banter lan mawi embun.
Mangsa kewolu ( umur 26 dinten). Wiwit tanggal 3 utawi 4 februari. Candra : anjrah jroning kayun (kathah pepinginan). Tandha alam : kathah kucing jejodohan, uret lan gegremetan sami nglisak taneman, kathat witingkang pejah, anginipun dipunsebut pawana, bather arah saking kidul kilen, jawoh sampun wiwit suda.
Mangsa kesanga ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 1 utawi 2 maret. Candra : wedaring wacana mulya. Tadha alam : suwantenipun kewang gremetan teru-terusan, wekdalipun sato ngreda, kathah penyakit panas lan kulit, kawontenan tentrem lan aman, anginipun dipun sebut samirana, asrep, sekeca, kalem arah saking kidul kilen.
Mangsa kasepuluh (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 26 utawi 27 maret. Candra : gedhong minet jroning kalbu. Tandha alam : kathah sato ingkang mbobot, kathah peksi damel susuh, wiji ulam nyebar, kewan gegremetan ical, siti sampun wiwit aking, anginipun dipun sebut wisikan, sumilir, arah saking kidul wetan.
Mangsa desta (umur 23 dinten). Wiwit tanggal 19 utawi 20 april. Candra : sotya sinarawedi. Tandha alam : peksi sami ngopeni anakipun, peksi dhewasa sami rontok wulunipun, anginipun dipun sebut tata saking arah kidul wetan.
Mangsa kasada (umur 41 dinten). Wiwit tanggal 12 utawi 13 mei. Candra : tirta sirna saking sasana. Tandha alam : hawa asrep, siti aking, kathah bledug, kathah penyakit panas, anginipun dipunsebut Pandawa angin sekti saking sedherek gangsal, arah saking wetan.

Makaten wedharan ingkang magepokan kaliyan pranata mangsa mugi wonten guna paedahipun, mliginipun kangge among tani lan misaya mina. Senajan ta jaman sampun majeng boten wonten awonipun manawi ingkang kawogan tetep migunakaken pranata mangsa punika kangge paugeran. 

Nulis Layang Ulem (Undangan)

Nulis Layang Ulem (Undangan)

Undangan utawa ulem-ulem yakuwi laying kang aweh weruh supaya teka ana ing upacara adat, pawiwahan, supitan, lan sapanunggalane. Lumrahe undangan utawa ulem iku nganggo basa kang ringkes lan cetha. Dene cengkorongane kang padatan kaya mengkene :
1.       Irah-irahan undangan (kepala surat)
2.      Salam pambuka
3.      Pambukaning atur
4.      Isi undangan (surasane undangan)
a.       Acara
b.      Dina
c.       Tanggal
d.      Jam
e.       Papan
5.      Pangarep-arep
6.      Salam panutup
7.      Papan lan tanggal undangan
8.      Asmane kang ngundang
Cengkorong kaya ing dhuwur iku mung salah sijine conto. Jaman saiki wujud undangan utawa ulem iku werna-werna. Cengkorong uga werna-werna, nanging tetep kasesuaikake karo jinise undangan.


Tuladha :

Winantu saguning kaslametan
Hawit saka sih nugrahaning Gusti Allah Kang Maha Kuwasa tansah ambabar kaslametan tumanduk marang aku lan kowe kabeh. Manawa Gusti Allah Kang Maha Murah paring kaslametan lan pinuju ora ana alangan sawiji apa, aku kepengin njaluk tekane kanca-kancaku :
Ing tata cara        : ulang tahun kalairanku kang kaping 17
Dina / Tanggal   : Minggu Paing, 24 September 2013
Papan                  : omahku rattan Kembang Tanjung No. 3 Surakarta
Gedhe banget pangep-arepku, kanca-kanca padha gelem teka ana sajroning tata cara kasebut.
Mangkono mungguhpanjalukku marang para kanca. Awit saka kawigatene para kanca kabeh, aku nelakake panuwun tanpa upama.
Rahayu kang padha tinemu.

                                                                                    Surakarta, 15 September 2013

                                                                                                Susilawati



Nindakake pidhato/ Sesorah

Micara
Nindakake pidhato/ Sesorah

Pidhato utawa tanggap wacana, yaiku njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh.
Tujuan tanggap wacana utawa pidhato iku werna-werna, kayata :
1.         Ana kang tujuanekanggo menehi hiburan
2.         Menehi informasi
3.         Ajak-ajak marang kang ngrungokake supaya nindakake apa kang dikarepake pamicara
Ngengrengan pidhato iku nyakup, kayata :
1.         Salam pambuka / adangiyah
2.         Purwabasa utawa pambukaning atur
3.         Surasa basa utawa surasanng atur
4.         Pangarep-arep
5.         Wasana basa utawa pungkasaning atur
6.         Salam panutup

Tuladha :
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Pangarsaning pawiyatan ingkang satuhu kinurmatan
Para dwija ingkang winantu suka basuki
Para kanca nunggil pawiyatan ingkang nunggil pawiyatan
Kinarya purwakaning atur sumangga panjenengan sadaya lan ing siyang menika sami ngonjukaken puja-puji sokur konjuk wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang murbeng jagad, ingkang sampun hamatedhakaken nugrahanipun tumanduk dhumateng panjenengan sadaya lan kula. Ngaturaken pambageraharja wilujeng sinartan panuwun ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenengan sadaya ingkang sampun kersa ngrawuhi gumelaring tata cara ing wanci siyang punika, mugi kersa lelenggahan kanthi prayogi ngantos paripurnaning tata cara ing wanci siyang punika.
Pangarsaning pawiyatan, para dwija ingkang satuhu kinurmatan, sarta para kanca ingkang nunggil pasinaon.
Ingkang dados wigatosing kridha hing wanci siyang punika, para siswa ingkang manunggil wonten ing bebadan OSIS ngawontenaken kridha pentas seni budaya Jawi ingkang tuwuh lan taksih gesang wonten ing pabrayan Jawi kadosta : festival dolanan bocah, ndongen, nembang Macapata serta maca Geguritan. Ingkang dados pancadan dene kridha punika dipunwontenaken inggih menika, hawit kawontenan jaman samangke kados para kaneman sampun sami kesupen dhateng budayanipun pribadi. Mila saking menika tata cara punika ginelar hing pangajab sageda para kaneman sami remen malih dhumateng budayanipun piyambak inggih punika budaya Jawi. Menika tandha yektos menawi para kaneman taksih purun nglestantunaken saha ngrembakaken budaya Jawi.
Pangarsaning pawiyatan, para dwija ingkang satuhu kinurmatan, sarta para kangca ingkang nunggil pasinaon.
Kula makili para kadang warganing OSIS ngaturaken agenging panuwun katut wonten ngarsanipun Bapak Kepala SMP Makmur ingkang sampun maringi papan kangge ajang kridha ing siyang, saha ngaturaken agunging panuwun katur para dwija ingkang sampun kersa ngladhi parakanca ingkang sami badhe ngetinggalaken kasagedanipun, atur panuwun dhumateng para kanca-kanca nunggil pawiyatan ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon kangge lampahing kridha ing siyang punika. Mugi sih kadarman panjenengan sadaya pikantuk ganjaran ingkang sakalangkung kathah saking ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah.
Pangarsaning pawiyatan, para dwija ingkang satuhu kinurmatan, sarta para kanca ingkang nunggil pasinaon.
Kridha ing siyang menika sampun katata sawetawis wekdal, naming dumugining gati taksih kathah kekiranganipun, mila saking punika atas nama panitia kula nyuwun pangapunten.
Makaten lan semanten ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatan anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan kula nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.