Pranata Mangsa

Kamis, 08 Januari 2015

Pranata Mangsa

Saben mangsa gadhah sipat piyambak-piyambak, bab punika saged katitik saking wontenipun ewah-ewahan, ing antawisipun ingkang ketingal wonten ing tethukulan, sato, angin, mega, lan lintu-lintunipun.
Salajengipun ngengingi bab umur, wiwit, candra, lan tandha-tandha alam saged kawaos kados ing ngandhap punika :
Mangsa Kasa ( umur 41 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 juni. Candra : sotya murca saking embanan. Tandha alam : ron-ronan sami rontok, kathah walang, kumbang lan jangkrik, anginipun dipun sebut Tata (sae), arah saking ler wetan, kathah bledug.
Mangsa Karo (umure 23 dinten). Wiwit tanggal 2 utawi 3 agustus. Candra : bantalarengka. Tandha alam : bumi pecah-pecah, wit kapuk sampun wiwit semi, anginipun dipun sebut gathi tegesipun kebak pangertosan arah saking ler wetan, santer, kathah bledug.
Mangsa katelu (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 25 utawi 26 agustus. Candra : suta manut ing bapa. Tandha alam : wit-witan ingkang mrambat sampun mrambat, deleng lan pala kependem wiwit thukul, anginipun dipun sebut wiyasa tegesipun ngrugekaken utawi palsu, raosipun asrep lan sekeca, sering kedadosan angin munyer.
Mangsa papat ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 18 utawi 19 september. Candra : waspa kemembeng jroning kalbu. Tandha alam : sumber kathah ingkang mampet, wit kapuk sampun wiwit woh, peksi sami dhamel susuh, kewan suku sekawan sami kawin, winih ulam wiwit nyebar, anginipun dipunsebut panca warna tegesipun lampahipun molah-malih, kawontenan mega awon.
Mangsa kelima (umur 27 dinten). Wiwit tanggal 13 utawi 14 oktober. Candra : tirta marta sumawur ing jagad. Tandha alam : wiwit wonten jawah, wit asem sampun semi, wit-witan ingkang mrambat sampun medal ronipun, kathah sawer medal, anginipun dipun sebut bayu, naminipun dewa angin, arah saking ler kilen, santer lan molah-malih arah.
Mangsa keenem (umur 43 dinten). Wiwit tanggal 9 utawi 10 november. Candra : rasa mulya kesucian. Tandha alam : who-wohan sampun wiwit mateng, kewan toyo sampun dados dhewasa lan medal suwiwinipun, angin dipunsebut ler saking arah ler kilen.
Mangsa kepitu (43 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 desember. Candra : wisa kentir ing maruta. Tandha alam : kathah titah ingkang nandang sakit panas lan madharan, jawoh terus- terusan lepen sami banjir mega awon (surem), anginipun dipun sebut buwana, arah saking kilen banter lan mawi embun.
Mangsa kewolu ( umur 26 dinten). Wiwit tanggal 3 utawi 4 februari. Candra : anjrah jroning kayun (kathah pepinginan). Tandha alam : kathah kucing jejodohan, uret lan gegremetan sami nglisak taneman, kathat witingkang pejah, anginipun dipunsebut pawana, bather arah saking kidul kilen, jawoh sampun wiwit suda.
Mangsa kesanga ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 1 utawi 2 maret. Candra : wedaring wacana mulya. Tadha alam : suwantenipun kewang gremetan teru-terusan, wekdalipun sato ngreda, kathah penyakit panas lan kulit, kawontenan tentrem lan aman, anginipun dipun sebut samirana, asrep, sekeca, kalem arah saking kidul kilen.
Mangsa kasepuluh (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 26 utawi 27 maret. Candra : gedhong minet jroning kalbu. Tandha alam : kathah sato ingkang mbobot, kathah peksi damel susuh, wiji ulam nyebar, kewan gegremetan ical, siti sampun wiwit aking, anginipun dipun sebut wisikan, sumilir, arah saking kidul wetan.
Mangsa desta (umur 23 dinten). Wiwit tanggal 19 utawi 20 april. Candra : sotya sinarawedi. Tandha alam : peksi sami ngopeni anakipun, peksi dhewasa sami rontok wulunipun, anginipun dipun sebut tata saking arah kidul wetan.
Mangsa kasada (umur 41 dinten). Wiwit tanggal 12 utawi 13 mei. Candra : tirta sirna saking sasana. Tandha alam : hawa asrep, siti aking, kathah bledug, kathah penyakit panas, anginipun dipunsebut Pandawa angin sekti saking sedherek gangsal, arah saking wetan.

Makaten wedharan ingkang magepokan kaliyan pranata mangsa mugi wonten guna paedahipun, mliginipun kangge among tani lan misaya mina. Senajan ta jaman sampun majeng boten wonten awonipun manawi ingkang kawogan tetep migunakaken pranata mangsa punika kangge paugeran. 

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.