Tampilkan postingan dengan label pewayangan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label pewayangan. Tampilkan semua postingan

Pendhawa Kelangan Pusaka

Kamis, 18 Desember 2014




Entuk Kembang Candhawurawan Petruk 


Bisa Dadi Dhukun


Wayang morgan Petruk menganggo aneh, klambi mantel dawa, kethu oncit (keongan) lan nganggo sampir iki arane wayang Petruk Dhukun. Asesoris liyane, wong jenenge petruk sing mesthi ya duwe pethel lan wedhung. Wayang sing pinetha khusus iki metune ya mung ing lakon carangan Petruk Dadi Dhukun, sing inti critane ngene :
Prabu Duryudana nampa kabar yen Pandhawa lagi susah merga kelangan pusaka. Nata ing Astina kuwi maune arep mbiyantu nggoleki. Nanging terus disetani Pandhita Durna lan Sengkuni murih kalodhangan iku digunakake kanggo ngecak Amarta, nadyan ora disetujoni Prabu Baladewa lan Karna.
Astina nuli siap-siap mbudhalne wadya, ning dumadakan ana utusan saka Negara Cundharante, apraceka danawa. Cacah loro : ditya Pegatnyawa lan Sambernyawa. Matur yen ingutus ratu gustine, Prabu Dewamurti, nyuwun palilah mboyong Durna lan Sengkuni menyang Cundharante, arep kanggo tumbaling praja.
Mesthi wae Prabu Duryudana ora maringake, wusana dadi pasulayan antarane para Kurawa lan utusan saka Cundharante kuwi. Kurawa kasoran yudane, mlayu salang-tunjang mundur saka paprangan. Durna lan Sengkuni dadi bingung, lang bareng kekarone arep mlayu ndhelik, ngerti-ngerti malah disaut saka dirgantara dening utusan digawa mabur menyang Cundharante.
Aswatama bisane kari tawang-tawang nangis. Enggal matur Narpati Karna murih kersa mbiyantu nggoleki lan ngrebut Durna lan Sengkuni. Adipati Karna saguh, enggal ngetut wuri lan nututi Durna lan Sengkuni sing digawa mabur Pesatnyawa lan Sambernyawa.
Bareng ketututan, Durna lan Sengkuni dijaluk bali, ning dikukuhi dening utusan Cundharante kuwi. Dadi perang maneh. Ning saiki utusan mau kapracondhang, nuli njaluk pambiyantune senapati Cundharante sing awujud naga sebongkote wit tal gedhene, yaiu Naga rangsang. Karna kena sembur mripate, dadi wuta. Dening Baladewa mundur, arep digolekake usada. Dene Durna lan Sengkuni sing sambat-sambat digawa mabur menyang Cundharante.
Nalika iku Arjuna, didhereke Semar, Gareng, Petruk lan Bagong sing diutus Prabu Puntadewa nggoleki ilange pusaka, ing marga krungu sambate Durna lan Sengkuni ing langit. Enggal arep nulungi, ning dielingke Petruk, ora usah melu-melu, ning Arjuna puguh, nguyak abure Nagarangsang lan klakon bandayuda.
Ora wurung Arjuna ambruk. Semaput merga disembur Nagarangsang. Petruk nyucuh, ya ngene iku, yen legan golek momongan! Intine nyalahake bendarane. Krungu Petruk kakehan omong, Semar nesu. Petruk ditundhung !
Petruk ya njur lunga saparan-paran. Tanpa kajarag lakune kesasar tekan ing Wit Soka Jajar Sanga. Neng kono ketemu kari Jim Abang lan Jim Putih. Marang kekarone Petruk ngaku, “Aku iki uga Jim. Jenengku Jim Blorok!” Petruk ngaku yen uga isih sedulure jim sekarone mau, malah tinemu tuwa. Jim Abang lan Jim Putih, nuli njaluk Petruk melu ngreksa Kembang Candrawurawan. Petruk saguh.
Critane Jim Abang lan Jim Putih pamit arep lunga sedhela, Petruk dipercaya njaga Kembang iku dhewe. Sapungkure jim sekarone, Kembang njur dipek Petruk, digawa lunga saka kono. Amarga kanggonan kembang sekti, Petruk sakabehane malih dadi ampuh, banjur madeg dhukun. Pasiene Petruk saya akeh, klebu Karna lan Arjuna sing uga teka merdhukun mrono lan bali waluya sawise diusadani.
Prabu Baladewa njaluk pitulungan marang Prabu Kresna supaya melu nggoleki ilange Durna lan Sengkuni kanthi nglurunh menyang Cundharante. Prabu Kresna banjur nganthi Werkudara lan para putra Pandawa tumuju Cundharante. Ning satekane ing kana, bareng Werkudara lan para Pandhawa mangsah jurit, padha tumekaning tiwas mungsuh senapati Cundharante.
Prabu Kresna njaluk tulung Petruk gage maluyakake kang pada mati. Lan Petruk iya wis bisa malayukake. Petruk nuli sinaraya mateni ratu Cundharante sabalane. Bareng klakon adu-arep, prayata Prabu Dewamurti kasoran, temah badhar bali sejatining wujud dadi pusaka-pusakane Pandhawa kang pada murca.
Prabu Dewamurti badhar dadi jamur Kalimasada. Nagarangsang dadi Senjata Cakra, dene Ditya Pegatnyawa lan Sambernyawa bali dadi Gada Rujakpolo lan panah Pasopati. Dene Patih Baleragas, bali dadi keris Baleragas.

Petruk leyeh-leyeh sawise mateni ratu Cundharante. Dumadakan katekan Jim Abang lan Jim Putih, njaluk baline Kembang Candrawurawan, ning Petruk emoh menehake. Dadi perang. Jim sakarone badhar dadi Nakula lan Sadewa. Bareng dinangu dening Prabu Kresna, Nakula-Sadewa matur yen anggone samudana dadi jim iku, marga pengin nggoleki ing ngendi dununge pusaka-pusaka kang murca. Dene Kembang Candrawurawan ing tangane Petruk iku yektine puspita Wijayakusuma, sing banjur kaaturaken bali marang Prabu Kresna.


Kapetik saking Jaya Baya (Nopember 2012 ) 

Jenising Wayang

Rabu, 17 Desember 2014

Ing ngandhap menika wonten maneka werna jenising wayang.
1.Wayang Kulit Purwa (Kulitipun saking kulit lembu utawi kulit kebo)
2.Wayang Golek
-Wayang Golek Sadat : Nyariosaken babagan Nabi Muhammad ingkang nyiaraken agama islam
-Wayang Golek Sunda Kalsik
3.Wayang Klithik (Dikembangaken ing tlatah pantai utara)
4.Wayang Suket (Saking Purbalingga)
5.Wayang Wong
6.Wayang Wahyu (Nyariosaken Nabi Isa ingkang nyebaraken Kristen)
7.Wayang Semblung(Saking Kebumen, nyariosaken Ramayan utawi Mahabharata, kanthi media tiyang utawi wong)
8.Wayang Pancasila (Nyariosaken perjuwangan kamardikan Indonesia)
9.Wayang Diponegara
10.Wayang Kancil
11.Wayang Dongeng

Ing nginggil menika maneka werni jenisipun wayang. Mugi-mugi saged mbiyantu. :)

Panakawan

Senin, 15 Desember 2014

PANAKAWAN

Wayang tumrape wong jawa tetep bisa dadi “wewayangan”. Sipat siji lan sijine bisa dadi simbul utawa lambing sing bisa kanggo bahan introspeksi, tepa palupi utawa bahan mawas dhiri. Kaya lakon wayang umume, sawijining satriya kang nglungguhi peran utama, mesthi ditutake dening para “pembantu khusus” sing jenenge punakawan. Panakawan biasane muncul sawise gara-gara, yaiku Semar – Gareng- Petruk – Bagong, sing ndadekake swasana sing sadurunge tegang mau owah gingsir dadi nuwuhake regeng. Sing maune bumi kocak, gonjang-ganjing, nyatane tekane para “abdine” para satriya iki, kahanan donya malih dadi laras lan seimbang.
Ing bausastra Jawa, tegese pana (Kw.) yaiku : ilang, entek, putus, uwal saka bebandaning badan terang, tegese : pinter banget. Panakawan luwih mujudake sawijining pamong sing wis “pana” (pinter banget) nduweni wawasan kang jembar, wis tanggap sasmita lan limpad ing samubarang kalir. Yen ndeleng pangerten iki, sing jeneng panakawan dudu abdi (pelayan, jongos) ananging sawijining ajudan wicaksana kang wis pana lan bisa njarwakake kabeh pikiran – pikirane pimpinane. Mungguh bisa nuladha, para abdi kudune kaya para panakawan.
Panakawan sing paling popular, yaiku Semar. Semar mujudake tokoh panakawan sing candrane lan sipat-sipat magepokan karo tokoh Jawa iki dikebaki sipat sing kontradiktif utawa lelawanan. (ora lanang ora wadon, ora nangis ora ngguyu, dudu dewa dudu menungsa, ora papan ora dunung, ora adoh ora cedhak nanging mesthi ana) dadi Semar minangka gambarane manungsa, sing wis ora mbedakake iki gegambarane susah bungah, mlarat sugih. Ya manungsa kang mangkene iki gegambarane pawongan kang wis ora kagadhuhan rasa was sumelang lan ragu-ragu (wus tan samar samar marang samobah mosiking jagad) kaya kang katur ing dhuwur.
Nala Gareng, saka ukara “nala” tegese : ati lan Gareng : garing. Dianggep symbol/lambang manungsa kang wis luwar saka kesalahan. Yaiku pawongan kang ora melikan marang sakabehe kang diprangguli lan diweruhi. Wujude cacat : irunge gedhe, mata kera, tangan ceko, sikil gejig/bubulen. Iku ngemu teges, irunge gedhe : tajem pangambune, nglirik dhuwur lan kanan kering lambange wong sing teliti ing sabarang kalir, tangan ceko (bengkong) lambange wong jujur ora melik lan nduweni barange liyan. Lan sikil gejig lambange wong sing tansah kebak pengati-ati.
Petruk perangane awak sarwa dawa, kendhor. Tangane, irunge, gulune, pasemone sarwa gumak gembira. Uga sinebut kanthong bolong, tegese bocor. Apa wae kang dilebokake langsung ilang tanpa tilas. Dadi bentuk lan wujude Petruk iki lambange manungsa kang sarwa rileks ora gampang runtik atine. Kabeh ditindakake kanthi ati kang seneng. Kajaba bagong iku dudu panakawan pokok, ning mung mujudake susulan lan lagi dikenal kurang luwih taun 1680.
Ing donyane para panakawan urip kaya ora ana suasana susah. Jalaran urip ing kahanan apa wae terus bakal lumaku. Kenapa susah, saben metu among jejogedan, iya tetmbangan, lan kadhangkala pada cangkriman.

Kapetik saking Jaya Baya (Nopember 2012 : 24)


Sabtu, 13 Desember 2014

SINTA PRASETYA

Semebar  arum wangi , nggambarake gandaning kusuma , endahing pamimpin amanca kang apik, saking anggane sekar kedaton nagari Manthili sang Dyah Ayu Sinta. Remaja putri kang wus ngancik dewasa, sakmenika dados pujaning putra para raja manca nagari. Dasare putrid adi Manthili dedege sarenteg pangawak dara, alus pasemone anteng, eseme pait madu.
Sak antawis lumadi adeking sayembara mentang langkap kyai Gandewa Dibya, sapa kang bisa menuhi sarat punika, menika ingkang dadya jatu kramane sang putri Manthili yaiku Dyah  Ayu Sinta.
Sanadyan sampun kathah para raja lan para satriya ingkang lumebet ing sayembara, sakmenika dereng  wonten ingkang kiyat mutung dedere langkap. Kang andadosaken susahing ati Sang Maha Prabu Janaka.
Sang Putri susah atine mirsani susahing Sang Rama. Sang Putri ngrumiyini mapag sesungkem marang sang Rama. 
“Rama kula ngaturaken sungkeming bekti dumateng ngarsanipun paduka”.
“Iya, banget panarimanipun baoa, pangestuku marang sira”.
“Wonten kersa punapa bapa prabu?”.
“mangkene nduk, ing sakjroning sayembara mentang gandewa dibya teka saiki during katon para raja lan satriya kang bisa naklukake sayembara. Gumunku wong semana akehe kok ora sumbut karo kahanane, mung gedhe awake lan adol bagus wae. Kang mangkono yen nganti kesuwen lelakon iki dak kira ora apik dadine, prasasat kang dadi lelarane nagara Manthili. Yen ora bejane bakal dadi memalaning praja”.
“ inggih bapa prabu, kula kinten inggih mekaten. Kula boten purun menawi kula angsal jodo ingkang boten sae. Kados surasane weda, luput pisan kena pisan, yen gampang inggih luwih gampang, yen angel inggih kelangkung angel. Dene adeging sayembara mentang gandewa dibya menika sampun kula tekadi, dadasa sarana anggen kula milih jodo kang pantes dados pangayoman, satriya kang seneng tetulung, satriya kang hanyembuh nagari Manthili”.
“o, mangkana ta karepmu”.
“inggih bapa prabu, makaten wau kersa kawula bapa”.
“iya nduk, muga dadi keyekten apa sing dadi kekarepanmu nduk”.
“inggih bapa”.
Saksampunipun lamun sira negga dathengipun para raja lan satriya ingkang saged naklukake sayembara mentang gadewa dibya, jumbuh kaliyan pangarep-arepipun sang retna, Raden Rama Wijaya kaderekaken ingkang rayi Raden Lesmana Widagda Satriya ing Ayodya, manggih Janaka kangge naklukake sayembara mentang gandewa dibya.
“amit, nuwun sewu paduka prabu, sinuwun kula nyaru sowan ngadep panjenengan”.
“aja pakewuh Raden, lungguha sing kepenak”.
“Nuwun inggih ngestokaken dhawuh”.
Jumbuh karo pocapan Sang retna, sowane Raden Rama Wijaya lan Raden Lesmana Widagda  mara ing ngarsanipun maha Prabu Janaka njawab dongane sang retna. Raden Rama Wijaya badhe nyobi sayembara mentang gandewa dibya maos mantra kang biyasa diucapaken manungsa, ingkang dikabulaken Sanghyang Wisnu kang wenang andum kabahagyan. Andadekake penggalihing Sang Maha Prabu Janaka katuju citraning sang abagus.
Mangkana sang retna Manthili dupi pagut ingkang sapisan kaliyan satriya Rama, geter jroning penggalih, kados ngusik usik gumulung ombak ing samodra, netra kepencut. Makaten ugi sak jroning penggalihing Rama, kang sapindhah kapaut tresna kaliyan Sang Retna Manthili.
“E, cah bagus saka ngendi asalmu, Raden sapa kang nyebar ganda wangi”.
“Kula saking Ayodya, nama kula Rama Wijaya, dene punika kadang anom kula pun nama Lesmana Widagda. Sembah nuwun sowan parengana tumut sayembara gandewa debya”.
“Ya ya Raden dak lilani, dak restoni, nganggo puja mantra bisaa ing karya. Ayo nduk minggira sawetara”.
Saknalika Rama bangkit saking palenggahanipun, lumampah dumugi papan dununge a gadewa dibya. Para Raja sewu nagara gumun ing penggalih, dene taksih wonten satriya ingkang badhe lumebet ing sayembara mentang gandewa dibya. Menapa saguh kadadosan hamentang gandewa aji Manthili menika.
Cikat trengginas Sang Rama minggah ing kencana ambuka, nekuk lututipun lan ngucapaken sesembahan. Nyuwun anugrahing bathara.
“Duh bathara, sesembahing janma, mugi paring anugrah dating kawula. Duh kanjeng Prabu Dasarata saha Kanjeng ibu Dewi Ragu, paduka tiyang kula ingkang dados panguat kula, kang jumbuh dongane datheng kawula, mugi paringana puji rahayu kasembadaning sedya kawula”.
Sang Rama bangkit saking sembahipun antuk bayangan, andatengaken angin mobat mabit. Saknalika Gandewa sigar sapisan runtuh.
Raden Rama saged menuhi sayembara, Sinta bakal dadi pendampingipun Raden Rama. Ingkang pancen tibaning asmara Sinta kaliyan Raden Rama.
Saksampunipun sayembara kasebat, ingkang ramanipun Sinta ngawontenaken pesta manten.
“Duh putriku Sinta, disekseni kaliyan bumi kelawan langit, mega ing angkasa iki, jeneng mu jejer kaliyan satriya Rama, mula gatekna pocapanku, rabi tansah setya mituhu marang Rama, umpama kuwi pisah ya pisah amarga kepaten.





Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.