Tampilkan postingan dengan label Budaya Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Budaya Jawa. Tampilkan semua postingan

Pranata Mangsa

Kamis, 08 Januari 2015

Pranata Mangsa

Saben mangsa gadhah sipat piyambak-piyambak, bab punika saged katitik saking wontenipun ewah-ewahan, ing antawisipun ingkang ketingal wonten ing tethukulan, sato, angin, mega, lan lintu-lintunipun.
Salajengipun ngengingi bab umur, wiwit, candra, lan tandha-tandha alam saged kawaos kados ing ngandhap punika :
Mangsa Kasa ( umur 41 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 juni. Candra : sotya murca saking embanan. Tandha alam : ron-ronan sami rontok, kathah walang, kumbang lan jangkrik, anginipun dipun sebut Tata (sae), arah saking ler wetan, kathah bledug.
Mangsa Karo (umure 23 dinten). Wiwit tanggal 2 utawi 3 agustus. Candra : bantalarengka. Tandha alam : bumi pecah-pecah, wit kapuk sampun wiwit semi, anginipun dipun sebut gathi tegesipun kebak pangertosan arah saking ler wetan, santer, kathah bledug.
Mangsa katelu (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 25 utawi 26 agustus. Candra : suta manut ing bapa. Tandha alam : wit-witan ingkang mrambat sampun mrambat, deleng lan pala kependem wiwit thukul, anginipun dipun sebut wiyasa tegesipun ngrugekaken utawi palsu, raosipun asrep lan sekeca, sering kedadosan angin munyer.
Mangsa papat ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 18 utawi 19 september. Candra : waspa kemembeng jroning kalbu. Tandha alam : sumber kathah ingkang mampet, wit kapuk sampun wiwit woh, peksi sami dhamel susuh, kewan suku sekawan sami kawin, winih ulam wiwit nyebar, anginipun dipunsebut panca warna tegesipun lampahipun molah-malih, kawontenan mega awon.
Mangsa kelima (umur 27 dinten). Wiwit tanggal 13 utawi 14 oktober. Candra : tirta marta sumawur ing jagad. Tandha alam : wiwit wonten jawah, wit asem sampun semi, wit-witan ingkang mrambat sampun medal ronipun, kathah sawer medal, anginipun dipun sebut bayu, naminipun dewa angin, arah saking ler kilen, santer lan molah-malih arah.
Mangsa keenem (umur 43 dinten). Wiwit tanggal 9 utawi 10 november. Candra : rasa mulya kesucian. Tandha alam : who-wohan sampun wiwit mateng, kewan toyo sampun dados dhewasa lan medal suwiwinipun, angin dipunsebut ler saking arah ler kilen.
Mangsa kepitu (43 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 desember. Candra : wisa kentir ing maruta. Tandha alam : kathah titah ingkang nandang sakit panas lan madharan, jawoh terus- terusan lepen sami banjir mega awon (surem), anginipun dipun sebut buwana, arah saking kilen banter lan mawi embun.
Mangsa kewolu ( umur 26 dinten). Wiwit tanggal 3 utawi 4 februari. Candra : anjrah jroning kayun (kathah pepinginan). Tandha alam : kathah kucing jejodohan, uret lan gegremetan sami nglisak taneman, kathat witingkang pejah, anginipun dipunsebut pawana, bather arah saking kidul kilen, jawoh sampun wiwit suda.
Mangsa kesanga ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 1 utawi 2 maret. Candra : wedaring wacana mulya. Tadha alam : suwantenipun kewang gremetan teru-terusan, wekdalipun sato ngreda, kathah penyakit panas lan kulit, kawontenan tentrem lan aman, anginipun dipun sebut samirana, asrep, sekeca, kalem arah saking kidul kilen.
Mangsa kasepuluh (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 26 utawi 27 maret. Candra : gedhong minet jroning kalbu. Tandha alam : kathah sato ingkang mbobot, kathah peksi damel susuh, wiji ulam nyebar, kewan gegremetan ical, siti sampun wiwit aking, anginipun dipun sebut wisikan, sumilir, arah saking kidul wetan.
Mangsa desta (umur 23 dinten). Wiwit tanggal 19 utawi 20 april. Candra : sotya sinarawedi. Tandha alam : peksi sami ngopeni anakipun, peksi dhewasa sami rontok wulunipun, anginipun dipun sebut tata saking arah kidul wetan.
Mangsa kasada (umur 41 dinten). Wiwit tanggal 12 utawi 13 mei. Candra : tirta sirna saking sasana. Tandha alam : hawa asrep, siti aking, kathah bledug, kathah penyakit panas, anginipun dipunsebut Pandawa angin sekti saking sedherek gangsal, arah saking wetan.

Makaten wedharan ingkang magepokan kaliyan pranata mangsa mugi wonten guna paedahipun, mliginipun kangge among tani lan misaya mina. Senajan ta jaman sampun majeng boten wonten awonipun manawi ingkang kawogan tetep migunakaken pranata mangsa punika kangge paugeran. 

Cerita Rakyat

Kamis, 25 Desember 2014



Nyemak Crita Rakyat


Saben dhaerah. Nduweni crita kang beda-beda. Amarga kemajuan teknologi kanthi anane TV, crita mau kalah karo tokoh-tokoh hero saka Negara liya. Akeh bocah saiki kang ora ngerti babagan crita ing dhaerahe dhewe. Sejatinecrita rakyat iku ngemu surasa kang gedhe banget tumrap bocah-bocah, khususe kanggo pendidikan budi pekerti. Kayata crita kancil karo baya, malin kundang, lan liya-liyane.
1.         Crita fiksi
a.        Mite,yaiku dongen kang ana sesambungane karo alam lelembut, alam gaib.
Tuladhane : nyai Roro Kidul, Nyai Blorong, gendruwa, tuyul, lsp.
b.        Fabel , yaiku dongeng kang paragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa.
Tuladha : kancil nyolong timun, kancil karo boyo, kancil karo macan, gajah musuh semut, lsp.
c.        Legenda , yaiku dongeng gegandengankaro dumadine sawijining papan utawa barang.
Tuladha : asal-usul rawa pening, asal-usul desa granting, watu malin kundang, lsp.
2.        Crita nonfiksi
a.        Hikayat , yaiku crita kang mbahas babagan peragane kanthi jelas.
Tuladha : hikayat  hang tuah, hikayat bahtiar, lsp.
b.        Babad, yaiku crita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi crita kang ora nggenah.
Tuladha : babad tanah jawi, babad mataram, babad majapahit, lsp.
c.        Sejarah, yaijku crita kang bener-bener kedadeyan la nana bukti nyatane.
Tuladha : sejarah jendral soedirman, sejarah majapahit, sejarah wali perkasa, lsp.
d.        Roman, yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan saka lair tekan patine.
Jenise roman : roman adat, roman sosial, roman detektif, lsp.

TRADISI NGARAK PENGANTIN SUNAT

Senin, 22 Desember 2014

TRADISI NGARAK PENGANTIN SUNAT

            Penulis mengamati keluarga sederhana di Desa Sinangohprendeng, dari keluarga tersebut penulis bisa memperoleh data- data tentang sunatan.
Pertama- tama  keluarga mendatangi seorang yang ahli petungan jawa untuk menentukan hari baik anak laki-laki tersebut disunat. Dalam jawa, hal ini disebut petungan.
Sebelum hari itu tiba, dilaksanakan ‘aum’ ( slametan ) agar acara sunatan tersebut berjalan dengan lancar. Aum tersebut yaitu sebagai penanda akan mempunyai hajat dan memberikan nasi golong untuk para tetangga.. untuk memberitahukan bahwa orang tersebut akan mempunyai hajat, maka ada undangan untuk para tetangga untuk ‘kondangan’.
Tradisi untuk ‘kondangan’ dilakukan oleh para tetangga dan kerabat dengan mendatangi rumah orang yang mempunyai hajat. Kemudian tamu tersebut dijamu oleh tuan rumah dengan hidangan yang enak, biasanya lontong opor, soto dll. Acara kondangan tersebut berlangsung selama 2 hari sebelum acara sunatan di gelar.
Menjelang hari sunatan, anak diajak ke kekuburan leluhurnya untuk membersihkan makam saudaranya yang telah meninggal. Dan di malam harinya, para anak- anak kecil teman sebayanya mengunjungi rumahnya untuk melakukan ‘entre’. Entre ini sama halnya dengan ‘kondangan’. Hanya saja beda namanya.
Paginya setelah entre, anak yang akan disunat didandani seperti penganti laki-laki kecil, dengan menggunakan beskap dan jarit serta blangkon. Hingga wajahnya juga ikut di make-up.
 Setelah itu, diantar ke Pak Mantri untuk di sunat. Sunatan yang dilakukan ini memakan waktu yang relatif sedikit dikarenakan teknologi semakin canggih. Dan sunat dilakukan dengan menggunakan laser.
Setelah sunat selesai, anak laki – laki tersebut diarak keliling desa dengan menggunakan becak. Dengan diiringi oleh barongan dan kuda lumping. Barongan dan kuda lumping ini masih dilestarikan dengan baik oleh warga Desa Sinangohprendeng dan ada jadwal latihannya setipa malam kamis.
Barongan dan kuda lumping tersebut diiringi dengan ‘terbangan’ yang mengumandangkan lagu-lagu islam dan lagu-lagu jawa. ini terlihat sekali perpaduan antara budaya jawa dan budaya islam ( akulturasi budaya )
Setelah sampai dirumah, anak laki- laki tersebut diturunkan dari becak dan langsung ‘dipapas’ dengan menggunakan blengke yang dioleskan di jidatnya.
Pada waktu mapas, anak tersebut diperbolehkan makan yang enak-enak seperti ayam, telor, daging dll sebelum dilarang untuk memakannya demi proses penyembuhan yang cepat.
Anak yang disunat didudukkan di pakde-pakde yang telah disediakan sambil mengahadap tong atau kaleng sebagai ‘pecingan’ sambil menonton pertunjukan barongan dan kuda lumping tersebut.
Setelah selesai pertunjukan tersebut dilakukan walimahan, bapak- bapak berkumpul untuk mendoakan agar anak tersebut. Dan diakhir acara diberikan berkat sebagai ucapan rasa terima kasih karena sudah mau hadir.
Disini terdapat beberapa pergesaran budaya yang dapat penulis amati dari hasil wawancara dengan Bapak Cari. Bahwa di jaman dahulu sebelum anak laki- laki di sunat harus berendam dulu dikali, hal ini dilakukan supaya alat kelaminnya mudah untuk disunat. Dan pada saat ‘entre’ biasayanya anak- anak tersebut menginap di rumah anak yang akan di sunat tersebut guna menemaninya dan mengantarkan ke dukun sunat keesokan harinya.
Jaman dahulu proses sunatanpun berbeda. Dengan menggunakan welad untuk mengirisnya.  Yang masih dipertahankan di masyarakat desa Sinangohprendeng yaitu acara hajatannya dengan mengundang para tetangga dan kerabat dan pertunjukan barongan dan kuda lumping sebagai tontonan. Dan juga sebgai wujud kecintaan warga Sinangohprendeng akan budaya jawa.
SRUKTUR
PELAKU
Pelaku yang terdapat dalam tradisi sunatan adalah
1.      Anak yang disunat
2.      Orang tua
3.      Penari galak lumping
4.      Penabuh terbang
5.      Masyarakat
SIMBOL
Ubarampe yang dibutuhkan untuk acara sunatan cukup sederhana.
Untuk acara aum dibutuhkan nasi golong minimal 7 buah. Yang isinya yaitu :
1. Nasi putih
2. Ayam goreng
3. Urapan
4. Telor
5. Kerupuk
6. Kering tempe
Golong yang digunakan dalam aum maknanya untuk mengabarkan kabar gembira kepada tetangga bahwa akan mempunyai hajat.
Untuk menjamu tamu undangan sesuai dengan kondisi ekonomi keluarga tersebut. Tetapi di desa Sinangohprendeng menjamu tamunya dengan soto taoto yang merupakan makanan khas Pekalongan.
Untuk oleh –oleh atau berkat yang sudah kondangan diberikan mie atau beras, gula dan teh dan ada juga yang memberikan berkat nasi. Berkat nasi ini sama dengan berkat nasi pada waktu aum.
Untuk walimahan yang dibutuhkan yaitu :
1. berkat untuk dibagikan kepada bapak-bapak yang sudah hadir slametan. Dikarenaka pengaruh globalisasi, berkat yang semula nasi putih diganti dengan roti. Maknanya yaitu sebagai wujud rasa syukur terhadap yang kuasa setelah anaknya disunat. Berkat tersebut kemudian dibagikan kepada para tetangga.

NILAI ESTETIK
Nilai estetik yang ada pada tradisi sunatan di desa Sinangohprendeng terdapat dalam pertunjukan seni galak lumping. Dimana ada penari yang menunggang kuda lumping, barongan dan terbangan.
Penari kuda lumping ini tidak sadar atau kesurupan. Sehingga bisa memakan padi atau gabah ataupun dedaunan yang lain seperti daun singkong, daun pepaya, bahkan beling.
Selain itu ada barongan yang berbentuk seperti singa yang menari-nari sambil menakuti para penonton yang mengikutinya. Sedangkan di belakang barisan ada bapak-bapak yang mengiringi pertunjukan tersebut dengan lagu-lagu jawa serta islam.

NILAI KULTURAL
            Niai kultural yang terdapat dalam tradisi sunatan yaitu walaupun orang yang mempunyai hajat tidak menyebar undangan, tetapi tetangga-tetangga tetap membantu dengan memberikan beras, gula, teh dll.

NILAI AGAMA
            Dalam agama islam, sunatan itu diwajibkan. Maka terdapat nilai agama didalam tradisi sunatan tersebut.
TRADISI NGARAK PENGANTIN SUNAT
Pengantin sunat adalah anak kecil yang disunat didandani layaknya seorang pengantin pria. Dengan menggunakan beskap, blangkon dan jarit. Wajahnya juga ikut di make up.
Arak-arakan ini, bertujuan untuk melestarikan kesenian galak lumping yang ada di desa Sinangohprendeng. Selain itu juga sebagai bentuk rasa syukur kepada yang Maha Kuasa, karena anaknya sudah disunat.
Tata cara diadakannya tradisi ngarak penganti yaitu sebagai berikut
1.      anak dimake up terlebih dahulu. Didandani layaknya seorang pengantin
2.      prosesi sunatan. Anak dibawa ke mantri.
3.      Setelah anak disunat, anak tersebut menghampiri galak lumping yang sudah bersiap di ujung jalan. Seumpama di perempatan jalan atau pertigaan jalan. Biar bisa mengelilingi rumahnya.
4.      Sebelumnya para penari galak lumping dimasuki roh terlebih dahulu oleh pawangnya. Pemasukan roh ini istilahnya yaitu diwatek.
5.      Setelah itu, para penari galak lumping berjalan pada barisan pertama, diawasi oleh seorang pawang
6.      Barisan kedua adalah barongan
7.      Barisan ke tiga adalah orang terbangan.
Orang terbangan ini mengiringi barongan dan galak lumping dengan lagu-lagu islami yang bernada jawa barat.
“Alluma sholli wa salim alaa, sayidina wa maulana muhammadin” dengan nada es lilin.
8.      Setelah mengitari rumahnya, maka barongan dan galak lumping tersebut berhenti. Melakukan atraksi-atraksi. Galak lumping memakan beling, gabah, manjat-manjat pohon.
Barongan beratraksi seperti barongsai.
9.      Setalah dirasa cukup, galak lumping di watek lagi oleh pawangnya. Diambil roh-rohnya hingga orang yang kemasukan roh tersebut lemas.

1.  Setelah itu, ada proses slametan. Bapak-bapak terbangan berserta yang memainkan galak lumping dan barongan beserta para tetangga mendoakan si anak agar menjadi anak yang sholeh, berbakti kepada orang tua, berguna bagi agama, nusa dan bangsa

Cerita Rakyat

Cerita Rakyat

Cerita rakyat yaiku cerita kang isih lestari manunggal karo anane masyarakat sing kadunungan cerita kasebut. Lestarine cerita rakyat iku gumantung marang kahanane masyarakat sing kadunungan cerita kasebut.manawa masyarakat kasebut isih gelem mersudi lan nguri-nguri mula bakal bisa lestari ana samadyaning masyarakat, ewa semono Manawa masyarakat wis ora gelem nglestarekake mula ora mokal cerita kasebut bakal cures.
Tuladha cerita rakyat :

Mula bukane Pesanggrahan Langenharjo


Kacarita pasanggrahan ing pinggiring Bengawan Sala iku iyasan Gusti Paku Buwana IX salah sawijining nata kang misuwur ing Kasunanan Surakarta. PB IX miyos tanggal 22 Desember 1830 kanthi asma timur BRMG Doeksino pranyata ngatonake kabisan kang ngidapa-edapi wiwit timur. Panjenengane kaloka wasis micara, kajaba sak kuwi panjenengane uga kawentar minangka pujangga agung, ora mung pinter ngrakit tembang nanging uga pinter nembangake.
Kawegigan BRMG Doeksino ora mung winates ing seni budaya wae, panjenengane uga mrisi kabisane ingkang Ramane. BRMG Doeksino kondhang kaloka minangka salah sawijining Pangeran kang gentur laku tapa kanthi cara kungkum ana samadyaning Bengawan, sing dadi kalanganene yaiku ana ing tempuran yaiku papan patemone ilining bengawan, kerep uga sare ana ndhuwur sumur kanthi lemekan papan.
Pakulinan urip prihatin iku kajaba piguna nyedhakake awake marang Gusti Kang Maha Kuwasa lan kawulane, uga kanggo nggayuh kasekten. Mula ora nggumunake Manawa pakulinane kungkum iku terus dilakoninganti BRMG Doeksino jumeneng Nata ing Kasunanan Surakarta.
Ing sawijining dina nalika PB IX nedhenge kungkum ing ilining Bengawan Sala, nata saka Kasunanan Surakarta iku antuk wisik. “He wong sing nagi laku semedi ora mandheg, mangertia menawa sliramu bakal lestari dadi nata menawa sliramu iyasa pasanggrahan.
PB IX kanthi kebaking rasa panuwun kondur ing kedhaton ngabarake anane wisik kang wus katampa. Penggalihe ingkang sinuwun Pakubuwana IX sansaya mantep anggone bakal iyasa pesanggrahan, Panjenengane ora kersa Manawa kadadeyan sing dialami dening Ramane, bali kelakon uga marang salirane, Kanjeng Sinuwun Pakubuwana IX kagungan karsa bisa ngasta pamarentah lan nentremake kawulane kanthi wektu kang suwe. Mula kanggo mujudake apa kang dadi kersane kasebut. Ingkang Sinuwun banjur semedi supaya antuk pituduh papan panggonan kang becik kanggo ngedegake pesanggrahan.
Ingkang sinuwun Pakubuwana IX sabanjurekanthi cara sesidheman jengkar saka kedhaton nalasak ing sauruting Bengawan Sala kanggo ngupadi kedhung utawa papan kang jero kanggo nindakake tapa kungkum. Anggone ngupadi ora ngayawara, Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX bisa nemokake kedhung sing jero banget yaiku ing kedhung Nglawu. Ya ing papan iki, ingkang Sinuwun tapa maneh kanthi weninging penggalih meminta sih ingkang Nyipta jagad saisine.
Panyuwunan kang temen-temen, wusanane katarima dening Gusti Kang Maha Kawasa. Ing Kedung iki Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX, bali nguwatake niyate enggal-enggal iyasa pesanggrahan lan papane ana ing alas Klajeran.
Adhedhasar wisik kang wus katampa, Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX, age-age dhawuh marang para kawulane supaya mbabat alas Klajeran, kanggo ngedegake pasanggrahan. Ingkang Sinuwun temen-temen nindakake amanate ingkang rama lan wisik sing wus katampa, mula nata Surakarta iku mbangun  pesanggrahan kaya dene mbangun keratin cilik. Cakrik wewangunan acakrik wewangunan Jawa, limasan lan joglo sing ngandhut piwulang budaya Jawa lan dikupeng “Jagan” yaiku kalenan kanggo njaga kaslametan. Dening Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX, pesanggrahan iku diparingi jeneng “Langenharjo”.
Sujarah wus nyathet, kanthi kasile Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX mbangun pesanggrahan jumbuh karo dhawuhe ingkang rama lan wedharing wisik kang katampa, kasunyatan panjenengane bisa jumeneng nata sajroning wektu 32 taun lawase. 

Adat Istiadat Jawa

Minggu, 21 Desember 2014

Adat Istiadat Jawa
Ruwatan


Tradhisi upacara ruwatan tekan saiki isih digunakake dening wong Jwa minangka sarana ngluwari lan nyuceni manungsa awit saka dosa lan kaluputan sing anjalari nandhang sukerta ing sajroning uripe. Sajroning crita wayang kanthi lakon Murwakala ing tradhisi ruwatan ing tanah Jawa wiwitane ngrembaka manungsa bali suci maneh. Ngruwat tegese nyingkiri sawijining kasusahan batin kanthi cara nganakake pagelaran utawa ritual kanthi sarana wayangan kulit sing njupuk lakon murwakala.
Sajroning tradhisi Jawa, wong sing nandhang sukerta utawa nandhang dosa, mula kanggo ngresiki maneh, perlu nganakake tatacara kasebut. Miturut critane, wong sing nandhang sukerta iki, dipercaya bakal dadi mangsane Bathara kala. Bathara Kala iku putrane Bathara Guru (jroning crita wayang) sing laih jalaran saka kadayan nepsu sing ora bisa dikendhaleni dening Dewi Uma, sing sabanjure kamane tumiba ing satengahing samodra, wusana njilma dadi raseksa, sing jroning tradhisi wayang diarani “Kama salah kendhang gumulung”. Nalika raseksa iku ngadhep marang ramane (Bathara Guru) njaluk mangan, dening Bathara Guru diwenehi ngerti supaya mangan manungsa sing nandhang dosa utawa nandhang sukerta. Bathara Kala kawanti-wanti ora dikeparengake mangan manungsa sing dhadhane ana tulisan mantra kalacakra lan sing sirahe ana tulisan mantra Sastra Balik. Iki katetepane dewa lan ora kena dilanggar, yen dilanggar paukuman kang abot sing ora bisa diselaki.
Wong sing diajab Bathara Kala iku ana 3 perangane yaiku :
1.             Nandhang sukerta awit saka kalairane
2.             Aradan yaiku nglakoni sawijining kaluputan
3.             Pangayam-ayam nindakake bab sing ora prayoga

Tuladha sukerta sing ana sambungrapete karo kalairane :
1.             Ontang – anting yaiku anak tunggal, lanang
2.             Unting – unting yaiku anak tunggal, wadon
3.             Uger-uger lawang yaiku anak loro lanang kabeh sakulawarga. Lsp

Aradan yaiku nindhakake kaluputan, tuladha :
1.             Singsot yaiku wong sing seneng singsot mbeto
2.             Sukerdalan yaiku wong sing mbebuwang utawa nguyuh sadalan-dalan
3.             Wadelan yaiku wongsing seneng wuda
4.             Sangga uwang yaiku wong sing seneng nyangga janggut. Lsp

Pangayam-ayam yaiku dudu wong sukerta nanging diajab dening Bathara Kala, kayata :
1.             Sumur ing ngarepan yaiku gawe sumur pas ana ngarep omah
2.             Ngobong rambut yaiku wong sing ngobong rambute
3.             Kurep ajang yaiku wong sing nyimpen ajang sing ora diasahi
Adhedhasar bab iki sing sabanjure digolekake dalan, supaya ora dipangan Bathara Kala iki diperlokake nindakake tatacara ruwatan. Tembung Murwakala / purwakala saka tembung purwa sing ateges asal, mula bukane, lank ala sing ateges wektu, mangsa. Asal mula bukane manungsa sing salah kadadeyane. Mula saka kuwi wong sing kalebu telung perangan iku perlu diruwat kanthi miturut adat tradhisi. Supaya ora dadi mangsane Bathara Kala, uwal saka panggodha lan bencana sing minangka pangajabe Kala.


Cuci Mori ing Dusun Sapen, Sukoharjo, Kendal

Rabu, 17 Desember 2014

Bela dhiri kalebu salah sijine jenis olah raga. Jinise bela dhiri maneka werna. Ana kang saka manca uga ana kang saka lokal. Silat kalebu salah sijine bela dhiri khas Indonesia. Saliyane kanggo olah raga silat uga bisa digunakake nalika ana bebaya marang awake dhewe. Nanging ora banjur gawe pameran.
Ana ing Dhusun Sapen Kecamatan Sukorejo Kabupaten Kendal, ana saperangan warga kang melu nguri-uri kabudayan Indonesia. Salah sijine arupa silat. Ana ing Sasi Sura padatan para warga silat kuwi nganakake cuci mori. Tujuane yaiku  nyuceni barang utawa tingkah laku kang wis kelakon supaya bisa suci maneh.
Upacara cuci mori kuwi dilaksanakake ana ing malam Sura tanggale ora mesthi. Ing kono para warga kang duwe mori kuwi padha kumpul banjur slametan. Acara pisanan yaiku sesuci. Para warga kang duwe mori mau padha adus utawa wudhu banjur padha nglakoni tapa ngelang lan tapa mbisu. Tapa ngelang ateges mlaku ngubengi desa. Dene tapa mbisu kuwi meneng anteng ora kena kumecap, ora kena cawe-cawe. Tapa ngelang lan tapa mbisu kuwi dilakone bebarengan. Sawise tapa banjur padha ngumbah morine dhewe-dhewe nganggo banyu kang wis dicawisake. Bubar ngumbah mori, para warga kumpul, banjur musyawarah. Esuke lagi padha bali.

Sumber : Lesta Anistisia Mahasiswa Unnes 2012

Dumadine Sendhang Sumber

Selasa, 16 Desember 2014


Wonten ing Dhukuh sumber, Desa Tenggeles, Kecamatan Bae, Kabupaten Kudus, wonten satunggaling sendhang. Papan kalawan dados panggenan ingkang rame kanthi nama sendhang Sumber. Ngantos sakmenika menawi wulan syawal ngleresi ing ba’da kupat kathah tiyang ingkang sami tindak datheng sendhang sumber. Tiyang menika sami mbeta kupat ugi lepet saperlu paring tetedhan bulus ingkang wonten ing sendhang wau.
Sanajan bulus ingkang wonten ing sendhang menika boten wonten, ananging tradhisi wau tetep dipunlestantunanken. Para warga sami  sadeyan ugi ngawontenaken  hiburan maneka warna kangge ngramekaken papan kalawau. Cariyos sesepuh wonten mriku, sendhang bulusan kalawau pancen kathah bulusipun. Cariyosipun gegayutan kaliyan sunan muria ingkang tindak njenengi pepanggihan para wali ing tlatah pati. Ing wekdal menika tindakipun Sunan Muria nglangkungi tlatah Desa Sumber. Ing satengahing sabin, Sunan Muria miring swanten krubyak-krubyuk ing salebeting toya.
“Swara apa iku?” ngendikanipun Sunan Muria kaliyan santri-santrinipun.
Para santri kaliyan Sunan Muria ningali, lajeng matur “Menika wau swanten tiyang ndhaut, kanjeng Sunan.”
“O…, dak kira swara bulus.” Mangkono ngendikanipun Sunan Muria kaliyan nilar papan kalawau.
Sabibaripun Sunan Muria ningali swanten kala wau, tiyang ingkang saweg ndhaut kalawau sami dados bulus. Tiyang wau sami getun sanget, amargi piyambakipun nyambut damel ananging boten ngertos wayah ugi boten sami nindakaken ibadah. Para bulus sami ngentosi Sunan Muria wangsul saking Pati. Sasampunipun rawuh para bulus nyuwun pangapunten kaliyan Sunan Muria ugi nyuwun dipun wangsulaken dados manungsa malih. Sunan Muria ngendikan, menawi sedaya sampun takdir, boten saged dipunwangsulaken malih. Para bulus sami sedhih ugi matur kados-pundi anggepanipun pados pagesangan. Sunan Muria tuwuh raos welasipun lajeng nancepaken tongkat ing siti utawi lemah. Sanalika lemah kalawau medal toyanipun ingkang salajengipun dados sendhang ingkang toyanipun bening sanget.

Ngendikanipun Suna Muria “ kowe kabeh ora bakal ngelih, panganmu sing kok senengi bakal teka”. Para bulus ngaturaken panuwun kaliyan Sunan Muria, amargi para bulus sampun dipunbiyantu. Wiwit kedadosan kalawau para warga maringi tetedhan kangge bulus-bulus wau. Ugi ngantos sakmenika adat menika kalampahan. 

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.