Kamis, 27 November 2014

SALOKA


Saloka inggih menika unen-unen ingkang ajeg panggenanipun ingkang ngemu surasa pepindhan. Ingkang dipunpindhan  inggih menika tiyangipun.
Sakmenika wonten tuladha kangge unen-unen basa jawi ragam saloka :
A.            Asu belang kalung wang           : Wong ala (asor) ananging sugih bandha. 
Asu gedhe menang kerahe       : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane. 
Ati bengkong oleh oncong         : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan. 
B.            Baladewa ilang gapite              : Ilang kekuatane. 
Bathok bolu isi madu                 : Wong asor nanging sugih kepinteran. 
Belo melu seton                                    : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe. 
C.            Cebol nggayuh lintang              : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon. 
Cecak nguntal empyak/cagak   : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane. 
D.            Dom sumuruping banyu            : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi. 
E.             Emprit abuntut bedhug             : Prekara sepele dadi gedhe. 
Endhas gundhul dikepeti           : Wis kepenak isi dienak-enakake. 
G.           Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur. 
Gajah alingan suket teki            : Lair lan batine ora padha bakal ketara. 
Gajah ngidak rapah                   : Nerjang wewalere/janjine dhewe. 
Gong lumaku tinabuh                : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang. 
I.               Idu didilat maneh                     : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu                 : Wong sing kena apus kanthi gampang.
J.              Jati ketlusuban ruyung              : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak          : Wis kapok banget. 
K.            Kacang ora ninggal lanjaran     : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra                 : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang    : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu                  : Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange        : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel                        : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale                   : Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon                      : Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin           : Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan             : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk                 : Njarag marani bebaya. 
L.             Lahang karoban manis              : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan            : Kepenak malah golek rekasa.
O.     Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe. 
P.      Palang mangan tandur                         : Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara                   : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki. 
S.      Satru munggwing cangklakan  : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba              : Wong sing kumudu-kudu ditakoni. 
T.      Tekek mati ulone                       : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup                      : Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren              : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh      : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae. 
Y.      Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.


Dewa Ruci

Dewa Ruci

Surya wis ameh ngancik dhuwuring sirah pas. Panase jumedhet. Ngeterake Bratasena panenggaking Pandawa ing awang-awange. Atine keranta-ranta yen kelingan Prabu Pandu lan Madrim wong tuwane, kepeksa njegur Kawah Candradimuka. Nek urip  mangkono kuwi ya ora adil. Bratasena emoh yen bakale mung ngono kuwi.
Tindak tanduke sawijining Kadang Bayu iki diematake dening Begawan Drona, gurune. Kaya-kaya kepengin weruh wae kang dirasakake dening muride kang kinasih kuwi. Nek jaman saiki jenenge ya kepo.
 “Eee.. aja mupus, Ngger. Yen pancen kowe ora gelem kaya mangkono, kowe amung prelu nyembadani sarate.”
“Apa kui sarate Bapa Guru?”
“Kowe kudu goleki Kayu Gung Susuhing Angin ing Gunung Candramuka.”
Sengkuni sing wiwit mau setya ngrungokake pacelathone Bratasena lan Drona lagi nandang bingung. Sengkuni rumangsa reti yen Drona kuwi kadhawuh dening Prabu Duryodana kanggo nglorotake Bima, la niki kok malah kosok balene? Bingung sansaya bingung. Daripada tambah bingung prayogane ya ditakoki langsung wae.
 “Kakang, sampeyan menika rak dipundhawuhi Prabu Duryodana kangge nglorotake Bratasena? Hla iki kok? Jajal, endi buktine?”
“Hlo, hla nek sampeyan ngertos, wau rak sampun kula lorotaken? Dakkon golek Kayu Gung Susuhing Angin. Mangka niku boten genah wujude apa, tegese apa. Tur maneh panggonane kuwi gawat klawan angker.”
Sengkuni bingung maneh. Bathuke mengkeret, celilang-celileng matane kedhep-kedhep. Raine ngowoh karo mikir. Ora percaya marang kakange banjur ngetutake. Arep dibukteake.
Mikir-mikir yen ngetutake dhewekan bakal dadi bebayan agung. Bisa-bisa mati saiki-saiki. Mangka nalika arep nglacak lakune Bratasena, Sengkuni golek bala, nuli ndhawuhi Dursasana kareben nglumpukake Bala Kurawa.
Ing Candramuka, Bratasena kepethuk raseksa cacahe loro. Jenenge Rukmuka lan Rukmakala. Ana perange sadhela, dumadakan raseksa loro kuwi alih wujud dadi Bathara Bayu lan Bathara Indra. Bratasena ora kaget sanajan mung sathithik. Dewa mau ngaturake maturnuwun sanget marang Bratasena amarga sampun mbebasake saka sumpahing Bathara Guru. Minangka tandha panarima, dheweke diwenehi Mustika Manik Candrama awujud sesupe sing dayane bisa ngambah telenging samudra. Sawise dienggo dening Bratasena, cemlorot kaya lintang wanci bengi cahyane saka drijine Bratasena. Saya nambah kakuwatane Bratasena.
 “Indra kakekku, yen mengkono, aku arep takon bab apa iku kayu gung susuhing angin kang wis kadhawuhake goleki dening guruku, Drona?”
 “Bratasena, yen kowe pengin weruh, Kayu kuwi tegese karep, Gung kuwi tegese gedhe, lan Susuhing Angin kuwi tegese telenging napas. Mengkono kuwi artine, kekarepan sing gedhe bisa kasembadan, nanging kudu sinatan aringing napas, weninging cipta, meneping panca ndriya, sumelehing rasa. Nanging sanadyan mangkono mau apa sira wis ngrasa marem?”
Bingung rada bingung. Durung marem olehe entuk wangsulan mangkono, Bratasena banjur dikon bali nemoni Drona maneh kanggo njaluk wedharan, amarga medharake bab mau dudu kwajibane Bathara Guru lan Bathara Indra.
Ing Hastina, Sajak Juragan, Drona lungguh sinambi nyingkrangake sikile. Ngadem saka panasing surya kang wis meh kaya neraka wae. Saka kadohan ana lakune wong sing gagah, tur awake gedhe dadi katon jelas yen kuwi Bratasena.
Tekan Hastina banjur cerita kadadeyan mau. Nuli takon maneh bab ilmu kasampuranan. Drona ndhawuhi golek Tirta pawitra ing Samudra Minangkalbu.
Ora sempet mangan ngombe, Bratasena pamit maneh ganti tumuju Samudra Minangkalbu sing luwih bebaya tinimbang Gunug Candramuka. Sadurunge lunga menyang samudra, luwih dhisik Bratasena nemoni biyunge, Dewi Kunthi. Gambarane anak kang bekti marang wong tuwane. Pangestu saka wong tuwa kuwi luwih-luwih saka dedonga lan panjalukan kanthi ngibadah sregep. Kekarepane biyunge, ngalang-alangi Bratasena sing arep manjing telenging samudra.
Bratasena nggeblas lunga menyang papane Tirta Pawitra. Prabu Kunthi meneng bae. Mbrebes mili anggone delok lungane. Saka mburi geger kang meger-meger katon sansaya adoh lakune. Luhe Prabu Kunthi dleweran. Amung bisa dedonga.
Bratasena wis mangkat. Anoman, weruh lakune Bratasena. Banjur ndhawuhi para kadang Bayu, yaiku Maenaka, Jajag Wreka, lan Gajah Setubanda kanggo mambengi lakune Bratasena. Nanging ora bisa nandingi.
Lakune Bratasena wis tekan pinggiring Samudra. Byuurr swarane banyu samudra nalika dijeguri Bratasena. Awake katerak ombak. Montang-manting. Nanging dheweke duwe sesupe Mustika Manik Candrama, samudra sanalika dadi anteng banyune.
Sajroning Samudra Bratasena ketemu ula sing gedhene sakbongkote wit tal. Langsung nyaut awake Bratasena. Ula mau arane Nagaraja. Dheweke nyakoti Bratasena. Diuncalna sakadoh-adohe.
Awake Nagaraja ketaman kuku Pancanaka nuli ilang saka pandeleng. Bratasena kaget, amarga ketemu karo bocah cilik sing rupane memper dheweke. Yaiku Dewa Ruci.
“Ana perlu apa kowe mrene, Bratasena?”
 “Kula madosi Tirta Pawitra.”
“Tirta Pawitra anane ning atimu. Atimu sing suci ora kagodha marang hawa nepsu. Dene wujude yaiku aku. Sejatine yaiku jati dirimu.
“Liripun kados pundi?”
“Bratasena, nalika kowe manjing samudra, katerak ombak, kaserang ula, wondene kowe selamet. Kuwi amarga kowe bisa ngendaleni hawa nepsumu. Apa kowe ora ngrasa?”
Bratasena ora bisa celathu sakecap. Langsung sanalika tunduk. Bratasena njaluk wedharan bab margine kasampurnan lan kabahgyane wong urip. Bratasena banjur dikon manjing ana ing Gua Garbane Dewa Ruci. Sayekti Bratasena wis dadi manungsa suci lahir lan batin. Bratasena ayem lan tentrem atine. Kepengin manggon kono selawase nanging ora oleh. Kuwi mau kayata icip-icip. Mengko yen wis tiba wancine, bakal pikantuk kantentreman sing luwih lan langgeng. Bratasena nuli dikon metu saka awake Dewa Ruci.

            Sanalika, lair Bratasena kang suci. Ketemu jati dirining sejati. Sembah sinembah Ngarsaning Gusti. Bratasena, iya Werkodara lair dadi Bimasuci.

Dudu Tanahe Wedhus

Titah Dukuh Pakis
"Dudu tanahe wedhus"

Karang Pakis kuwi salah sawijining padukuhan ing Jepang Pakis. Cikal Bakal kang mbabad alas tanah Karang Pakis yaiku Mbah Braja Kusuma. Amarga akeh pakise mulane dijenengi Karang Pakis.
Mbah Braja duwe bojo loro yaiku Den Ayu Putri lan Den Ayu Sumarni. Kekarone nduweni kasenengan padha. Yaiku seneng kembang melathi. Sangarep omahe Mbah Braja ana pataman sing apik banget. Isine mung kembang melathi kang wangi banget.
Sawijining dina Den Ayu Putri lan Den Ayu Sumarni arep sowan ing kadipaten Jepang. Mbah Braja diwekasi aja ninggalake pataman kuwi nganti bojone mulih.
“Pak, kula kaliyan Den Ayu badhe kesah menyang Kadipaten Jepang. Kula nyuwun tulung jagakaken sekar melathi kagunganipun kula, nggih!” Nanging Mbah Braja malah ninggalake pataman banjur mlebu omah.
Ing sisih liya Kyai Demak teka ing Karang Pakis. Karepe arep nguwasani Karang Pakis.  Dheweke sok nantang penggedhe Karang Pakis.
“He, kowe! Bocah! Sapa penggedhe dukuh iki?” Swarane Kyai Demak takon marang warga Karang Pakis sing wektu kuwi isih sithik. Karo gagap-gagap bocah mau nuduhake omahe Mbah Braja.
Saka kadohan omahe katon sepi. Ing ngarep omah ora ana wong. Amarga Mbah Braja mlebu omah. Langsung patamane Mbah Braja dirusak dening Kyai Demak
 “He Braja Kusuma! Metuwa! Adhepi aku! Kyai Demak! Kowe ora pantes ana kene! Tanah iki nggonku!”
Kekarone padha-padha kuwate. Nanging, Kyai Demak mlayu dhisik amarga Mbah Braja direwangi karo murid-muride lan anake sing jenenge Braja Tayu kanggo  nyerang Kyai Demak.
Sawise mlayu, Mbah Braja banjur tinulung dening murid-muride amarga ameh wae kalah olehe perang. Mbah Braja ngrasa luput dening  bojo-bojone amarga ora bisa njaga kembang melathine sing paling disenengi. Lan uga luput karo anake lanang siji kuwi sing ketiwasan amarga ngrewangi bapake. Mbah Braja ora trima anake dicilakani.
“Kyai Demak kudu entuk piwalesku.”
“Pak, kula kepengin mateni Kyai Demak. Pangestunipun Bapak, kula badhe madosi Kyai Demak.”
Swarane Braja Tayu plegak-pleguk. Amarga sinambi nahan rasa larane.
“Aja, Nang, Le. Wis ben bapak wae. Kowe ning omah jaga ibumu.”
Esuk-esuk umun bubar sholat subuh, Mbah Braja diparani warga kanggo rerembugan babagan Kyai Demak. Mbah Braja lan murid-muride mutusake kanggo goleki parake Kyai Demak mau. Karepe arep dipateni. Nanging ora segampang kuwi. Kyai Demak uga manungsa kang sakti. Ora kalah karo Mbah Braja, muride Sunan Kudus.
Esuk jekut, Mbah Braja lan murid-muride mangkat. Sadurunge iku Mbah Braja pamitan marang bojo kekarone.
“Wis, bu. Aku pamit dhisik. Aja koarep-arep tekaku. Dongane wae muga-muga slamet.”
“Inggih, Pak. Ati-ati.”
Langit isih peteng nanging Mbah Braja wis mangkat. Tekan ara-ara sing kebak pakis Mbah Braja nyoba nebasi pakis, nanging ora entek-entek pakise. Kaya-kaya pakis kuwi digawe dening Kyai Demak sing ndelik. Banjur Mbah Braja lan muride semedi sedina. Ora turu sedina sewengi nyuwun ing Ngarsaning Gusti Kang Akarya Jagad kareben diparing kakuwatan kanggo nebas pakis sing akeh lan jembar kuwi.
Ora suwe, kakuwatan pedange Mbah Braja digabung karo kauwatane murid-muride bisa ngentekake pakis mau.
“Allahu Akbar!” karo nubras pakis mau. Dumadakan kagelar dalan sing jembar lan dawa tumuju gubug cilik. Wis dinuga yen gubug kuwi panggonan ndelike Kyai Demak.
Durung nganti tekan gubug mau, ing tengah dalan Mbah Braja wis diserang maneh karo Kyai Demak. Kakuwatane sansaya dhuwur. Nanging bola-bali ora bisa ngalahake kakuwatane Mbah Braja Kusuma lan murid-muride. Rumangsa wis kena pedange Mbah Braja sing sakti, murid-muride nyangka yen Kyai Demak mesthi bakal mati. Dumadakan ragane Kyai Demak ilang sekedeping mata.
Lega atine Mbah Braja. Nuli kepingin mulih. Rumangsane Mbah Braja lan murid-muride, Kyai Demak wis mati. Nangin kuwi luput. Ing tengah dalan tumuju Karang Pakis. Mbah Braja dicegat karo murid-muride Kyai Demak sing iya lumayan akeh. Ameh wae kalah. Murid-muride Mbah Braja akeh sing padha mati. Selamete Mbah Braja digawa mlayu karo Sunan Kudus, gurune.
Ing Karang Pakis, warga padha was-was. Wis pirang-pirang dina Mbah Braja ora bali-bali. Saben dina Den Ayu Putri lan Den Ayu Sumarni  ngenteni ing pataman sinambi ngrumati kembang melathine. Dadakan Mbah Braja mulih nanging ora karo murid-muride. Mbah Braja jelmaane Kyai Demak sing mlayu mau muni yen murid-muride dipateni kabeh karo murid-muride Kyai Demak.
“Pak, kok mulih dewekan? Murid-muridipun Panjenengan pundi?”
“Iya, Bu. Murid-muridku ora slamet. Nanging aku wis bisa mateni Kyai Demak.”
“Alhamdulillah, Pak.”
Iki bageyan saka rencanane Kyai Demak. Sapisan jupuk atine Den Ayu Putri lan Sumarni kanggo ninggalake Karang Pakis, amarga Karang Pakis wis ora aman kanggo Den Ayu sanadyan Kyai Demak wis mati.
Ing pasanggrahan, omahe Sunan Kudus, Mbah Braja Kusuma kudu latihan ilmu sing dhuwur. Sedina sewengi ora turu. Kudu pasa. Kudu nglatih kasabarane. Aja grusa-grusu arep mateni mungsuh. Rong dina Mbah Braja wis bisa nguwasani ngelmu sing diajarake dening Sunan Kudus. Pancen Mbah Braja kuwi pinter banget. Banjur siyap mulih nglindhungi Karang Pakis.
Saka kadohan ketok yen Den ayu, bojo kekarone mau katon lagi seneng-seneng karo priya liya sing mirip karo awake. Nanging Mbah Braja asli ora grusa-grusu. Ditelik nganti telung dina. Banjur dheweke nyelikuri yen priya mau Kyai Demak. Amarga Mbah Braja weruh yen tangan kiwane sowek kena pedhange Mbah Braja.
Mbah Braja yakin yen kuwi mau Kyai Demak. Tanpa tadhing aling-aling Mbah Braja nyerang Mbah Braja Palsu. Den Ayu padha jerit jerit ngundang warga sakiwa tengene. Ing kono banjur digoleki endi sing Mbah Braja asli. Endi sing palsu.
Sing bisa mbuktekake mung bojone loro mau, gunemane mangkene;
“Sapa sing weruh piwelingku nalika aku lan den Ayu lunga menyang kadipaten Jepang, iya kuwi bojoku.” Den Ayu Sumarni guneman mangkono karo nangis.
Rumangsa Kyai Demak ora weruh apa-apa banjur dheweke malih wujude dadi Kyai Demak asli banjur nyerang Mbah Braja. Ing tanah kono Kyai Demak ketiwasan. Dheweke mati disuduk nganggo pedange Mbah Braja. Nanging ana kadadeyan aneh. Sanalika Kyai Demak malih dadi wedhus lan mangani kembang melathine Den Ayu.
“Kembangku! Huss! Huss! Aja!” Karo jerit-jerit. Gela banget.
Weruh bojone sing jerit-jerit mau, Mbah Braja langsung nebas gulune wedhus. Sanalika wedhus mau mati thek sek ngenggon. Dumadakan malih maneh wujude dadi Kyai Demak sing wis mati. Saka kadadeyan kuwi, Mbah Braja wara-wara kanggo kabeh warga Karang Pakis.
“He! Sanak kadangku Karang Pakis. Takwanti-wanti, ya, sampeyan kabeh! Ning ngendi paranmu, sapa bae katurunanmu, yen sampeyan ngrasa warga Karang Pakis, aja nganti ingon-ingon wedhus utawa nyembeleh wedhus ing tanah iki.”

Nganti saiki warga Karang Pakis ora ana sing wani ingon-ingon wedhus.

Potretmu

POTRET MU
dening : Dwi Astuti

Sumerep lara tatuning ati
Tak rasa ora bakal mari
Kantil ana soca
Isih cetha tukar padu bengi kae
Wartamu gawe girising batin
Kang mask u sing tak tresnani
Tresna sing wus kadung tak suntak
Ora ngira mung tekan semene
Saya dak lalekake saya cetha
Potretmu tak sawang
Kangmasku
Aku adimu
Kepiye dadine lelakon uripku
Ora ana sliramu
Tembang swara tahlil
Kalawan tetesing udan
Sansaya gawe laraning pikir
Kelingan kowe sing di gadhang-gadhang
Ibu bapa
Padha sumpek ora percaya
Apa sejatine uripmu mas
Kayasuwene udan, apa pancen umurmu mung sadhela
Mendhung iku jenak ana ing susah
Nganti garing sumuring luh
Dumadakana katerak bethering surya
Nalika tumeka bocah bagus
Sumur kang garing
Teles kena tteesing udan
kaya rinengkuh ketemu ganthilaning atiku
wis gawe lerem jroning dada
cah bagus kang ngganteni
paweh janji jroning urip tekaning pati



Pratipaning Ngaurip

BALADA
PRATIPANING NGAURIP
dening : Sabbihisma Debby Satiti

Ambu gremis
Banyuning mili liwat kaca
Timbreng cahyaning surya
Ning kene,
Ambu tan seje
Wong jaga lorong
Wong jaga bangsal
Seksi jerit lan tangising awal.
Agustus,
Sesepuh aweh owah Agustin
Sapojok limalas drajat
Antaraning enem lan pitu
Nggandheng ragaku
Ngrasa Ngarsaning Haq
Kawiwit saking mbrangkang
Lakuku lawas ilang
Mlayu sajak lon-lonan
Tiba sadalan-dalan
Ora suntrut ora surut
Kahanan kudu lumaku
***
Takpandeng saka kaca
Dedeg wadon dewa sentana
Delengen kae!
Makempal kauripan
Ngenteni wadon dewa sentana
Takpandeng sedhela
Mbulating geni sadhuwuring angka-angka
Angka kembar kapisan
Sajak ngenteni tekane sore
Napas mungkas mangsa lare
Sewelas,
Ukuraning ngaurip
***
Putih,
Ah, raket mring Sukmaku
Biru, peteng kang nyemu
Saben mata muja tumekaning Ratu
Nanging siji nguncal pandengan
Katawan singgasananing awan
Pangarepku dadya kasunyataku
Bandaku uga bandamu
He, Rajaning Ratu
***
Sapasang mata kang endah
Dadya kaca nembus rah
Wewayanging kenya lugu
Mesem manis kalawan bisu
Katresnan nyawiji
Nyeret bebana king duniawi
Jurang mutah ing mata
Amung ketok jembatan tresna
***
Putih,
Ah, isih nyawiji sajroning ati
Klawu,
Werna pungkasanku
Dak tinggal Tresna kang lawas
Dak tampak kasih kang melas
Isih padha
Esuk iya ora beda
Isih ngrembug duniawi
Saking sukma kang nyawiji
Manutup klopak mataku
Sadhela mokal ilang
Manutup rasaning sukmaku
Sadhela mokal ilang
Satengahing sepi iki
Peteng redup lilin siji
Sineksen kain kang mung salembar
Aku dudu kuncuping mawar
***
Saraf sajroning mustaka
Sadar urip kang pratipa
Alon-alon sansaya samar
 Prauku ngudhunke jangkar
Ing kene aku ngadeg
Miwit ndandani urip kang budreg
Gela dudu gela
Yen nyata ana ing mata
Mangsa wis beda
Priya setya dadya wong liya
Saiki
Nunggal kanca tan nyawiji
Saliraku  dadya sampah
Jejantunging ati wus meh pecah
Aku,
Aku meri nembe diwasa
Ninggal wong tuwa melu priya
Priya awal setya
Setyaning satya ludira
Priya mungkas lelara
Lelaraning satya ludira
Pratipaning ngaurip
Nggawa salira mring neraka
***



Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.