Titah Dukuh Pakis
"Dudu tanahe wedhus"
Karang Pakis kuwi salah sawijining
padukuhan ing Jepang Pakis. Cikal Bakal kang mbabad alas tanah Karang Pakis
yaiku Mbah Braja Kusuma. Amarga akeh pakise mulane dijenengi Karang Pakis.
Mbah Braja duwe bojo loro yaiku Den Ayu
Putri lan Den Ayu Sumarni. Kekarone nduweni kasenengan padha. Yaiku seneng
kembang melathi. Sangarep omahe Mbah Braja ana pataman sing apik banget. Isine
mung kembang melathi kang wangi banget.
Sawijining dina Den Ayu Putri lan Den
Ayu Sumarni arep sowan ing kadipaten Jepang. Mbah Braja diwekasi aja ninggalake
pataman kuwi nganti bojone mulih.
“Pak, kula kaliyan Den Ayu badhe kesah
menyang Kadipaten Jepang. Kula nyuwun tulung jagakaken sekar melathi
kagunganipun kula, nggih!” Nanging Mbah Braja malah ninggalake pataman banjur
mlebu omah.
Ing sisih liya Kyai Demak teka ing
Karang Pakis. Karepe arep nguwasani Karang Pakis. Dheweke sok nantang penggedhe Karang Pakis.
“He, kowe! Bocah! Sapa penggedhe dukuh
iki?” Swarane Kyai Demak takon marang warga Karang Pakis sing wektu kuwi isih
sithik. Karo gagap-gagap bocah mau nuduhake omahe Mbah Braja.
Saka kadohan omahe katon sepi. Ing
ngarep omah ora ana wong. Amarga Mbah Braja mlebu omah. Langsung patamane Mbah
Braja dirusak dening Kyai Demak
“He
Braja Kusuma! Metuwa! Adhepi aku! Kyai Demak! Kowe ora pantes ana kene! Tanah
iki nggonku!”
Kekarone padha-padha kuwate. Nanging,
Kyai Demak mlayu dhisik amarga Mbah Braja direwangi karo murid-muride lan anake
sing jenenge Braja Tayu kanggo nyerang
Kyai Demak.
Sawise mlayu, Mbah Braja banjur tinulung
dening murid-muride amarga ameh wae kalah olehe perang. Mbah Braja ngrasa luput
dening bojo-bojone amarga ora bisa njaga
kembang melathine sing paling disenengi. Lan uga luput karo anake lanang siji
kuwi sing ketiwasan amarga ngrewangi bapake. Mbah Braja ora trima anake
dicilakani.
“Kyai Demak kudu entuk piwalesku.”
“Pak, kula kepengin mateni Kyai Demak.
Pangestunipun Bapak, kula badhe madosi Kyai Demak.”
Swarane Braja Tayu plegak-pleguk. Amarga
sinambi nahan rasa larane.
“Aja, Nang, Le. Wis ben bapak wae. Kowe
ning omah jaga ibumu.”
Esuk-esuk umun bubar sholat subuh, Mbah
Braja diparani warga kanggo rerembugan babagan Kyai Demak. Mbah Braja lan
murid-muride mutusake kanggo goleki parake Kyai Demak mau. Karepe arep
dipateni. Nanging ora segampang kuwi. Kyai Demak uga manungsa kang sakti. Ora
kalah karo Mbah Braja, muride Sunan Kudus.
Esuk jekut, Mbah Braja lan murid-muride
mangkat. Sadurunge iku Mbah Braja pamitan marang bojo kekarone.
“Wis, bu. Aku pamit dhisik. Aja
koarep-arep tekaku. Dongane wae muga-muga slamet.”
“Inggih, Pak. Ati-ati.”
Langit isih peteng nanging Mbah Braja
wis mangkat. Tekan ara-ara sing kebak pakis Mbah Braja nyoba nebasi pakis,
nanging ora entek-entek pakise. Kaya-kaya pakis kuwi digawe dening Kyai Demak
sing ndelik. Banjur Mbah Braja lan muride semedi sedina. Ora turu sedina
sewengi nyuwun ing Ngarsaning Gusti Kang Akarya Jagad kareben diparing
kakuwatan kanggo nebas pakis sing akeh lan jembar kuwi.
Ora suwe, kakuwatan pedange Mbah Braja
digabung karo kauwatane murid-muride bisa ngentekake pakis mau.
“Allahu Akbar!” karo nubras pakis mau.
Dumadakan kagelar dalan sing jembar lan dawa tumuju gubug cilik. Wis dinuga yen
gubug kuwi panggonan ndelike Kyai Demak.
Durung nganti tekan gubug mau, ing
tengah dalan Mbah Braja wis diserang maneh karo Kyai Demak. Kakuwatane sansaya
dhuwur. Nanging bola-bali ora bisa ngalahake kakuwatane Mbah Braja Kusuma lan
murid-muride. Rumangsa wis kena pedange Mbah Braja sing sakti, murid-muride
nyangka yen Kyai Demak mesthi bakal mati. Dumadakan ragane Kyai Demak ilang
sekedeping mata.
Lega atine Mbah Braja. Nuli kepingin
mulih. Rumangsane Mbah Braja lan murid-muride, Kyai Demak wis mati. Nangin kuwi
luput. Ing tengah dalan tumuju Karang Pakis. Mbah Braja dicegat karo
murid-muride Kyai Demak sing iya lumayan akeh. Ameh wae kalah. Murid-muride
Mbah Braja akeh sing padha mati. Selamete Mbah Braja digawa mlayu karo Sunan
Kudus, gurune.
Ing Karang Pakis, warga padha was-was. Wis
pirang-pirang dina Mbah Braja ora bali-bali. Saben dina Den Ayu Putri lan Den
Ayu Sumarni ngenteni ing pataman sinambi
ngrumati kembang melathine. Dadakan Mbah Braja mulih nanging ora karo
murid-muride. Mbah Braja jelmaane Kyai Demak sing mlayu mau muni yen
murid-muride dipateni kabeh karo murid-muride Kyai Demak.
“Pak, kok mulih dewekan? Murid-muridipun
Panjenengan pundi?”
“Iya, Bu. Murid-muridku ora slamet.
Nanging aku wis bisa mateni Kyai Demak.”
“Alhamdulillah, Pak.”
Iki bageyan saka rencanane Kyai Demak.
Sapisan jupuk atine Den Ayu Putri lan Sumarni kanggo ninggalake Karang Pakis,
amarga Karang Pakis wis ora aman kanggo Den Ayu sanadyan Kyai Demak wis mati.
Ing pasanggrahan, omahe Sunan Kudus,
Mbah Braja Kusuma kudu latihan ilmu sing dhuwur. Sedina sewengi ora turu. Kudu
pasa. Kudu nglatih kasabarane. Aja grusa-grusu arep mateni mungsuh. Rong dina
Mbah Braja wis bisa nguwasani ngelmu sing diajarake dening Sunan Kudus. Pancen
Mbah Braja kuwi pinter banget. Banjur siyap mulih nglindhungi Karang Pakis.
Saka kadohan ketok yen Den ayu, bojo
kekarone mau katon lagi seneng-seneng karo priya liya sing mirip karo awake.
Nanging Mbah Braja asli ora grusa-grusu. Ditelik nganti telung dina. Banjur
dheweke nyelikuri yen priya mau Kyai Demak. Amarga Mbah Braja weruh yen tangan
kiwane sowek kena pedhange Mbah Braja.
Mbah Braja yakin yen kuwi mau Kyai
Demak. Tanpa tadhing aling-aling Mbah Braja nyerang Mbah Braja Palsu. Den Ayu
padha jerit jerit ngundang warga sakiwa tengene. Ing kono banjur digoleki endi
sing Mbah Braja asli. Endi sing palsu.
Sing bisa mbuktekake mung bojone loro
mau, gunemane mangkene;
“Sapa sing weruh piwelingku nalika aku
lan den Ayu lunga menyang kadipaten Jepang, iya kuwi bojoku.” Den Ayu Sumarni
guneman mangkono karo nangis.
Rumangsa Kyai Demak ora weruh apa-apa
banjur dheweke malih wujude dadi Kyai Demak asli banjur nyerang Mbah Braja. Ing
tanah kono Kyai Demak ketiwasan. Dheweke mati disuduk nganggo pedange Mbah
Braja. Nanging ana kadadeyan aneh. Sanalika Kyai Demak malih dadi wedhus lan
mangani kembang melathine Den Ayu.
“Kembangku! Huss! Huss! Aja!” Karo
jerit-jerit. Gela banget.
Weruh bojone sing jerit-jerit mau, Mbah
Braja langsung nebas gulune wedhus. Sanalika wedhus mau mati thek sek ngenggon.
Dumadakan malih maneh wujude dadi Kyai Demak sing wis mati. Saka kadadeyan
kuwi, Mbah Braja wara-wara kanggo kabeh warga Karang Pakis.
“He! Sanak kadangku Karang Pakis.
Takwanti-wanti, ya, sampeyan kabeh! Ning ngendi paranmu, sapa bae katurunanmu,
yen sampeyan ngrasa warga Karang Pakis, aja nganti ingon-ingon wedhus utawa
nyembeleh wedhus ing tanah iki.”
Nganti saiki warga Karang Pakis ora ana
sing wani ingon-ingon wedhus.
0 komentar:
Posting Komentar