Pratipaning Ngaurip

Kamis, 27 November 2014

BALADA
PRATIPANING NGAURIP
dening : Sabbihisma Debby Satiti

Ambu gremis
Banyuning mili liwat kaca
Timbreng cahyaning surya
Ning kene,
Ambu tan seje
Wong jaga lorong
Wong jaga bangsal
Seksi jerit lan tangising awal.
Agustus,
Sesepuh aweh owah Agustin
Sapojok limalas drajat
Antaraning enem lan pitu
Nggandheng ragaku
Ngrasa Ngarsaning Haq
Kawiwit saking mbrangkang
Lakuku lawas ilang
Mlayu sajak lon-lonan
Tiba sadalan-dalan
Ora suntrut ora surut
Kahanan kudu lumaku
***
Takpandeng saka kaca
Dedeg wadon dewa sentana
Delengen kae!
Makempal kauripan
Ngenteni wadon dewa sentana
Takpandeng sedhela
Mbulating geni sadhuwuring angka-angka
Angka kembar kapisan
Sajak ngenteni tekane sore
Napas mungkas mangsa lare
Sewelas,
Ukuraning ngaurip
***
Putih,
Ah, raket mring Sukmaku
Biru, peteng kang nyemu
Saben mata muja tumekaning Ratu
Nanging siji nguncal pandengan
Katawan singgasananing awan
Pangarepku dadya kasunyataku
Bandaku uga bandamu
He, Rajaning Ratu
***
Sapasang mata kang endah
Dadya kaca nembus rah
Wewayanging kenya lugu
Mesem manis kalawan bisu
Katresnan nyawiji
Nyeret bebana king duniawi
Jurang mutah ing mata
Amung ketok jembatan tresna
***
Putih,
Ah, isih nyawiji sajroning ati
Klawu,
Werna pungkasanku
Dak tinggal Tresna kang lawas
Dak tampak kasih kang melas
Isih padha
Esuk iya ora beda
Isih ngrembug duniawi
Saking sukma kang nyawiji
Manutup klopak mataku
Sadhela mokal ilang
Manutup rasaning sukmaku
Sadhela mokal ilang
Satengahing sepi iki
Peteng redup lilin siji
Sineksen kain kang mung salembar
Aku dudu kuncuping mawar
***
Saraf sajroning mustaka
Sadar urip kang pratipa
Alon-alon sansaya samar
 Prauku ngudhunke jangkar
Ing kene aku ngadeg
Miwit ndandani urip kang budreg
Gela dudu gela
Yen nyata ana ing mata
Mangsa wis beda
Priya setya dadya wong liya
Saiki
Nunggal kanca tan nyawiji
Saliraku  dadya sampah
Jejantunging ati wus meh pecah
Aku,
Aku meri nembe diwasa
Ninggal wong tuwa melu priya
Priya awal setya
Setyaning satya ludira
Priya mungkas lelara
Lelaraning satya ludira
Pratipaning ngaurip
Nggawa salira mring neraka
***



0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.