Dewa Ruci
Surya wis
ameh ngancik dhuwuring sirah pas. Panase jumedhet. Ngeterake Bratasena panenggaking
Pandawa ing awang-awange. Atine keranta-ranta yen kelingan Prabu Pandu lan
Madrim wong tuwane, kepeksa njegur Kawah Candradimuka. Nek urip mangkono kuwi ya ora adil. Bratasena emoh yen
bakale mung ngono kuwi.
Tindak
tanduke sawijining Kadang Bayu iki diematake dening Begawan Drona, gurune. Kaya-kaya
kepengin weruh wae kang dirasakake dening muride kang kinasih kuwi. Nek jaman
saiki jenenge ya kepo.
“Eee.. aja mupus, Ngger. Yen pancen kowe ora
gelem kaya mangkono, kowe amung prelu nyembadani sarate.”
“Apa kui
sarate Bapa Guru?”
“Kowe
kudu goleki Kayu Gung Susuhing Angin ing Gunung Candramuka.”
Sengkuni
sing wiwit mau setya ngrungokake pacelathone
Bratasena lan Drona lagi nandang bingung. Sengkuni rumangsa reti yen Drona kuwi
kadhawuh dening Prabu Duryodana kanggo nglorotake Bima, la niki kok malah kosok
balene? Bingung sansaya bingung. Daripada tambah bingung prayogane ya ditakoki
langsung wae.
“Kakang, sampeyan menika rak dipundhawuhi
Prabu Duryodana kangge nglorotake Bratasena? Hla iki kok? Jajal, endi buktine?”
“Hlo, hla
nek sampeyan ngertos, wau rak sampun kula lorotaken? Dakkon golek Kayu Gung
Susuhing Angin. Mangka niku boten genah wujude apa, tegese apa. Tur maneh
panggonane kuwi gawat klawan angker.”
Sengkuni
bingung maneh. Bathuke mengkeret, celilang-celileng matane kedhep-kedhep. Raine
ngowoh karo mikir. Ora percaya marang kakange banjur ngetutake. Arep
dibukteake.
Mikir-mikir
yen ngetutake dhewekan bakal dadi bebayan agung. Bisa-bisa mati saiki-saiki.
Mangka nalika arep nglacak lakune Bratasena, Sengkuni golek bala, nuli ndhawuhi
Dursasana kareben nglumpukake Bala Kurawa.
Ing
Candramuka, Bratasena kepethuk raseksa cacahe loro. Jenenge Rukmuka lan Rukmakala.
Ana perange sadhela, dumadakan raseksa loro kuwi alih wujud dadi Bathara Bayu
lan Bathara Indra. Bratasena ora kaget sanajan mung sathithik. Dewa mau
ngaturake maturnuwun sanget marang Bratasena amarga sampun mbebasake saka
sumpahing Bathara Guru. Minangka tandha panarima, dheweke diwenehi Mustika
Manik Candrama awujud sesupe sing dayane bisa ngambah telenging samudra. Sawise
dienggo dening Bratasena, cemlorot kaya lintang wanci bengi cahyane saka
drijine Bratasena. Saya nambah kakuwatane Bratasena.
“Indra kakekku, yen mengkono, aku arep takon
bab apa iku kayu gung susuhing angin kang wis kadhawuhake goleki dening guruku,
Drona?”
“Bratasena, yen kowe pengin weruh, Kayu kuwi
tegese karep, Gung kuwi tegese gedhe, lan Susuhing Angin kuwi tegese telenging
napas. Mengkono kuwi artine, kekarepan sing gedhe bisa kasembadan, nanging kudu
sinatan aringing napas, weninging cipta, meneping panca ndriya, sumelehing
rasa. Nanging sanadyan mangkono mau apa sira wis ngrasa marem?”
Bingung
rada bingung. Durung marem olehe entuk wangsulan mangkono, Bratasena banjur
dikon bali nemoni Drona maneh kanggo njaluk wedharan, amarga medharake bab mau
dudu kwajibane Bathara Guru lan Bathara Indra.
Ing
Hastina, Sajak Juragan, Drona lungguh sinambi nyingkrangake sikile. Ngadem saka
panasing surya kang wis meh kaya neraka wae. Saka kadohan ana lakune wong sing
gagah, tur awake gedhe dadi katon jelas yen kuwi Bratasena.
Tekan
Hastina banjur cerita kadadeyan mau. Nuli takon maneh bab ilmu kasampuranan.
Drona ndhawuhi golek Tirta pawitra ing Samudra Minangkalbu.
Ora
sempet mangan ngombe, Bratasena pamit maneh ganti tumuju Samudra Minangkalbu
sing luwih bebaya tinimbang Gunug Candramuka. Sadurunge lunga menyang samudra,
luwih dhisik Bratasena nemoni biyunge, Dewi Kunthi. Gambarane anak kang bekti
marang wong tuwane. Pangestu saka wong tuwa kuwi luwih-luwih saka dedonga lan
panjalukan kanthi ngibadah sregep. Kekarepane biyunge, ngalang-alangi Bratasena
sing arep manjing telenging samudra.
Bratasena
nggeblas lunga menyang papane Tirta Pawitra. Prabu Kunthi meneng bae. Mbrebes
mili anggone delok lungane. Saka mburi geger kang meger-meger katon sansaya
adoh lakune. Luhe Prabu Kunthi dleweran. Amung bisa dedonga.
Bratasena
wis mangkat. Anoman, weruh lakune Bratasena. Banjur ndhawuhi para kadang Bayu,
yaiku Maenaka, Jajag Wreka, lan Gajah Setubanda kanggo mambengi lakune
Bratasena. Nanging ora bisa nandingi.
Lakune Bratasena
wis tekan pinggiring Samudra. Byuurr swarane
banyu samudra nalika dijeguri Bratasena. Awake katerak ombak. Montang-manting.
Nanging dheweke duwe sesupe Mustika Manik Candrama, samudra sanalika dadi
anteng banyune.
Sajroning
Samudra Bratasena ketemu ula sing gedhene sakbongkote wit tal. Langsung nyaut
awake Bratasena. Ula mau arane Nagaraja. Dheweke nyakoti Bratasena. Diuncalna
sakadoh-adohe.
Awake
Nagaraja ketaman kuku Pancanaka nuli ilang saka pandeleng. Bratasena kaget,
amarga ketemu karo bocah cilik sing rupane memper dheweke. Yaiku Dewa Ruci.
“Ana
perlu apa kowe mrene, Bratasena?”
“Kula madosi Tirta Pawitra.”
“Tirta
Pawitra anane ning atimu. Atimu sing suci ora kagodha marang hawa nepsu. Dene
wujude yaiku aku. Sejatine yaiku jati dirimu.
“Liripun
kados pundi?”
“Bratasena,
nalika kowe manjing samudra, katerak ombak, kaserang ula, wondene kowe selamet.
Kuwi amarga kowe bisa ngendaleni hawa nepsumu. Apa kowe ora ngrasa?”
Bratasena ora bisa
celathu sakecap. Langsung sanalika tunduk. Bratasena njaluk wedharan bab
margine kasampurnan lan kabahgyane wong urip. Bratasena banjur dikon manjing
ana ing Gua Garbane Dewa Ruci. Sayekti Bratasena wis dadi manungsa suci lahir
lan batin. Bratasena ayem lan tentrem atine. Kepengin manggon kono selawase
nanging ora oleh. Kuwi mau kayata icip-icip. Mengko yen wis tiba wancine, bakal
pikantuk kantentreman sing luwih lan langgeng. Bratasena nuli dikon metu saka
awake Dewa Ruci.
Sanalika, lair Bratasena kang suci.
Ketemu jati dirining sejati. Sembah sinembah Ngarsaning Gusti. Bratasena, iya
Werkodara lair dadi Bimasuci.
0 komentar:
Posting Komentar