Metrum Macapat

Sabtu, 10 Januari 2015

1. Pangkur asale saka jeneng punggawa ing kalangan pandita. Pangkur ing Serat Purwaukara tegese buntut. Mulane Pangkur terkadhang diwenehi sasmita "tut pungkur" tegese mbuntut lan "tut wuntat" tegese ngéloni utawa mengikuti.
2. Maskumambang saka tembung mas lan kumambang. Mas saka tembung premas tegese punggawa ing upacara shamanistis. Kumambang saka tembung (ka- + ambang) + -um- tegese kembang. Ambang duweni sesambungan karo ambangse sing tegese nembang utawa ngidung. Mula maskumambang bisa diwenehi teges punggawa sing ngaleksanakake upacara shamanistis, ngucapake mantra kanthi nembang karo sesajen kembang. Sajroning Serat Purwaukara, Maskumambang diwenehi teges ulam toya sing maknane ikan air tawar.
3. Sinom sajroning Serat Purwaukara nduweni teges seskaring rambut utawa anak rambut. Nanging sinom uga ditegesi wong kang anom utawa daun muda.
4.Asmaradana saka tembung asmara tegese Dewa asmara lan dhana tegese geni. Sajroning Serat Purwaukara Asmaradana ditegesi remen ing paweweh.
5. Durma saka tembung jawa klasik tegese macan. Wateke medeni utawa suasana seram.
6. Mijil tegese metu.
7. Dhandhanggula saka jenenge Raja ing Kadiri yaiku Prabu Dhandhanggendis. Ing Serat Purwaukara, tegese ngajeng-ajeng kasaean.
8. Kinanthi tegese gegandhengan, kanca, utawa jenenge kembang. Kinanthi wateke seneng. Dienggo sajroning swasana romantis utawa mesra.
9. Gambuh tegese ronggeng, weruh, kulina, utawa jenenge tetuwuhan. Mula Gambuh wateke tegas, ora mangu-mangu.
10.  Pucung yaiku jeneng isi woh kepayang. Pucung tegese kudhuping gegodhongan. Pucung wateke utawa biasane dienggoi ing swasana santai.
11. Megatruh saka tembung Megat sing tegese putus utawa medhot, pisah. Ing Serat Purwaukara diwenehi teges mbucal kan sarwa ala (membuang semua yang serba jelek).

sumber
Edy, Yusro.2008.Puisi Jawa Klasik.Semarang:Cipta Prima Nusantara.

Pranata Mangsa

Kamis, 08 Januari 2015

Pranata Mangsa

Saben mangsa gadhah sipat piyambak-piyambak, bab punika saged katitik saking wontenipun ewah-ewahan, ing antawisipun ingkang ketingal wonten ing tethukulan, sato, angin, mega, lan lintu-lintunipun.
Salajengipun ngengingi bab umur, wiwit, candra, lan tandha-tandha alam saged kawaos kados ing ngandhap punika :
Mangsa Kasa ( umur 41 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 juni. Candra : sotya murca saking embanan. Tandha alam : ron-ronan sami rontok, kathah walang, kumbang lan jangkrik, anginipun dipun sebut Tata (sae), arah saking ler wetan, kathah bledug.
Mangsa Karo (umure 23 dinten). Wiwit tanggal 2 utawi 3 agustus. Candra : bantalarengka. Tandha alam : bumi pecah-pecah, wit kapuk sampun wiwit semi, anginipun dipun sebut gathi tegesipun kebak pangertosan arah saking ler wetan, santer, kathah bledug.
Mangsa katelu (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 25 utawi 26 agustus. Candra : suta manut ing bapa. Tandha alam : wit-witan ingkang mrambat sampun mrambat, deleng lan pala kependem wiwit thukul, anginipun dipun sebut wiyasa tegesipun ngrugekaken utawi palsu, raosipun asrep lan sekeca, sering kedadosan angin munyer.
Mangsa papat ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 18 utawi 19 september. Candra : waspa kemembeng jroning kalbu. Tandha alam : sumber kathah ingkang mampet, wit kapuk sampun wiwit woh, peksi sami dhamel susuh, kewan suku sekawan sami kawin, winih ulam wiwit nyebar, anginipun dipunsebut panca warna tegesipun lampahipun molah-malih, kawontenan mega awon.
Mangsa kelima (umur 27 dinten). Wiwit tanggal 13 utawi 14 oktober. Candra : tirta marta sumawur ing jagad. Tandha alam : wiwit wonten jawah, wit asem sampun semi, wit-witan ingkang mrambat sampun medal ronipun, kathah sawer medal, anginipun dipun sebut bayu, naminipun dewa angin, arah saking ler kilen, santer lan molah-malih arah.
Mangsa keenem (umur 43 dinten). Wiwit tanggal 9 utawi 10 november. Candra : rasa mulya kesucian. Tandha alam : who-wohan sampun wiwit mateng, kewan toyo sampun dados dhewasa lan medal suwiwinipun, angin dipunsebut ler saking arah ler kilen.
Mangsa kepitu (43 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 desember. Candra : wisa kentir ing maruta. Tandha alam : kathah titah ingkang nandang sakit panas lan madharan, jawoh terus- terusan lepen sami banjir mega awon (surem), anginipun dipun sebut buwana, arah saking kilen banter lan mawi embun.
Mangsa kewolu ( umur 26 dinten). Wiwit tanggal 3 utawi 4 februari. Candra : anjrah jroning kayun (kathah pepinginan). Tandha alam : kathah kucing jejodohan, uret lan gegremetan sami nglisak taneman, kathat witingkang pejah, anginipun dipunsebut pawana, bather arah saking kidul kilen, jawoh sampun wiwit suda.
Mangsa kesanga ( umur 25 dinten). Wiwit tanggal 1 utawi 2 maret. Candra : wedaring wacana mulya. Tadha alam : suwantenipun kewang gremetan teru-terusan, wekdalipun sato ngreda, kathah penyakit panas lan kulit, kawontenan tentrem lan aman, anginipun dipun sebut samirana, asrep, sekeca, kalem arah saking kidul kilen.
Mangsa kasepuluh (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 26 utawi 27 maret. Candra : gedhong minet jroning kalbu. Tandha alam : kathah sato ingkang mbobot, kathah peksi damel susuh, wiji ulam nyebar, kewan gegremetan ical, siti sampun wiwit aking, anginipun dipun sebut wisikan, sumilir, arah saking kidul wetan.
Mangsa desta (umur 23 dinten). Wiwit tanggal 19 utawi 20 april. Candra : sotya sinarawedi. Tandha alam : peksi sami ngopeni anakipun, peksi dhewasa sami rontok wulunipun, anginipun dipun sebut tata saking arah kidul wetan.
Mangsa kasada (umur 41 dinten). Wiwit tanggal 12 utawi 13 mei. Candra : tirta sirna saking sasana. Tandha alam : hawa asrep, siti aking, kathah bledug, kathah penyakit panas, anginipun dipunsebut Pandawa angin sekti saking sedherek gangsal, arah saking wetan.

Makaten wedharan ingkang magepokan kaliyan pranata mangsa mugi wonten guna paedahipun, mliginipun kangge among tani lan misaya mina. Senajan ta jaman sampun majeng boten wonten awonipun manawi ingkang kawogan tetep migunakaken pranata mangsa punika kangge paugeran. 

Nulis Layang Ulem (Undangan)

Nulis Layang Ulem (Undangan)

Undangan utawa ulem-ulem yakuwi laying kang aweh weruh supaya teka ana ing upacara adat, pawiwahan, supitan, lan sapanunggalane. Lumrahe undangan utawa ulem iku nganggo basa kang ringkes lan cetha. Dene cengkorongane kang padatan kaya mengkene :
1.       Irah-irahan undangan (kepala surat)
2.      Salam pambuka
3.      Pambukaning atur
4.      Isi undangan (surasane undangan)
a.       Acara
b.      Dina
c.       Tanggal
d.      Jam
e.       Papan
5.      Pangarep-arep
6.      Salam panutup
7.      Papan lan tanggal undangan
8.      Asmane kang ngundang
Cengkorong kaya ing dhuwur iku mung salah sijine conto. Jaman saiki wujud undangan utawa ulem iku werna-werna. Cengkorong uga werna-werna, nanging tetep kasesuaikake karo jinise undangan.


Tuladha :

Winantu saguning kaslametan
Hawit saka sih nugrahaning Gusti Allah Kang Maha Kuwasa tansah ambabar kaslametan tumanduk marang aku lan kowe kabeh. Manawa Gusti Allah Kang Maha Murah paring kaslametan lan pinuju ora ana alangan sawiji apa, aku kepengin njaluk tekane kanca-kancaku :
Ing tata cara        : ulang tahun kalairanku kang kaping 17
Dina / Tanggal   : Minggu Paing, 24 September 2013
Papan                  : omahku rattan Kembang Tanjung No. 3 Surakarta
Gedhe banget pangep-arepku, kanca-kanca padha gelem teka ana sajroning tata cara kasebut.
Mangkono mungguhpanjalukku marang para kanca. Awit saka kawigatene para kanca kabeh, aku nelakake panuwun tanpa upama.
Rahayu kang padha tinemu.

                                                                                    Surakarta, 15 September 2013

                                                                                                Susilawati



Nindakake pidhato/ Sesorah

Micara
Nindakake pidhato/ Sesorah

Pidhato utawa tanggap wacana, yaiku njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh.
Tujuan tanggap wacana utawa pidhato iku werna-werna, kayata :
1.         Ana kang tujuanekanggo menehi hiburan
2.         Menehi informasi
3.         Ajak-ajak marang kang ngrungokake supaya nindakake apa kang dikarepake pamicara
Ngengrengan pidhato iku nyakup, kayata :
1.         Salam pambuka / adangiyah
2.         Purwabasa utawa pambukaning atur
3.         Surasa basa utawa surasanng atur
4.         Pangarep-arep
5.         Wasana basa utawa pungkasaning atur
6.         Salam panutup

Tuladha :
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Pangarsaning pawiyatan ingkang satuhu kinurmatan
Para dwija ingkang winantu suka basuki
Para kanca nunggil pawiyatan ingkang nunggil pawiyatan
Kinarya purwakaning atur sumangga panjenengan sadaya lan ing siyang menika sami ngonjukaken puja-puji sokur konjuk wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang murbeng jagad, ingkang sampun hamatedhakaken nugrahanipun tumanduk dhumateng panjenengan sadaya lan kula. Ngaturaken pambageraharja wilujeng sinartan panuwun ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenengan sadaya ingkang sampun kersa ngrawuhi gumelaring tata cara ing wanci siyang punika, mugi kersa lelenggahan kanthi prayogi ngantos paripurnaning tata cara ing wanci siyang punika.
Pangarsaning pawiyatan, para dwija ingkang satuhu kinurmatan, sarta para kanca ingkang nunggil pasinaon.
Ingkang dados wigatosing kridha hing wanci siyang punika, para siswa ingkang manunggil wonten ing bebadan OSIS ngawontenaken kridha pentas seni budaya Jawi ingkang tuwuh lan taksih gesang wonten ing pabrayan Jawi kadosta : festival dolanan bocah, ndongen, nembang Macapata serta maca Geguritan. Ingkang dados pancadan dene kridha punika dipunwontenaken inggih menika, hawit kawontenan jaman samangke kados para kaneman sampun sami kesupen dhateng budayanipun pribadi. Mila saking menika tata cara punika ginelar hing pangajab sageda para kaneman sami remen malih dhumateng budayanipun piyambak inggih punika budaya Jawi. Menika tandha yektos menawi para kaneman taksih purun nglestantunaken saha ngrembakaken budaya Jawi.
Pangarsaning pawiyatan, para dwija ingkang satuhu kinurmatan, sarta para kangca ingkang nunggil pasinaon.
Kula makili para kadang warganing OSIS ngaturaken agenging panuwun katut wonten ngarsanipun Bapak Kepala SMP Makmur ingkang sampun maringi papan kangge ajang kridha ing siyang, saha ngaturaken agunging panuwun katur para dwija ingkang sampun kersa ngladhi parakanca ingkang sami badhe ngetinggalaken kasagedanipun, atur panuwun dhumateng para kanca-kanca nunggil pawiyatan ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon kangge lampahing kridha ing siyang punika. Mugi sih kadarman panjenengan sadaya pikantuk ganjaran ingkang sakalangkung kathah saking ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah.
Pangarsaning pawiyatan, para dwija ingkang satuhu kinurmatan, sarta para kanca ingkang nunggil pasinaon.
Kridha ing siyang menika sampun katata sawetawis wekdal, naming dumugining gati taksih kathah kekiranganipun, mila saking punika atas nama panitia kula nyuwun pangapunten.
Makaten lan semanten ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatan anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan kula nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 

BATHIK

Rabu, 07 Januari 2015

GAWE BATHIK

Bathik minangka kerjaninan tangan rakyat sing wis dingrembakake wiwit jaman biyen, kajaba saka kuwi uga minangka salah sawijining warisan budaya kang adiluhung sing diduweni dening bangsa Indonesia. Lumantar bathik bisa padha sinau ngenani filsafah urip. Saben cakrik bathik tansah nyimpen makna. Saben corek lan p0ralambang sajroning bathik ngandut pandonga, falsafah lan cerita sing bisa mbeber sejatining urip.
1.       Ubarampe Gawe Bathik
Ubarampe sing digunakake sajroning gawe bathik ing antarane :
a.       Malam
Minangka ubarampe sing banget piguna sajroning gawe bathik, sadurunge digunakake kanggo mbathik, malam wujude padhet sawise didokok ana njero wajan lan dipanasi karo kompor, malam iku bakal leleh mbanyu. Kahanane malam kudu tansah dijaga kanthi cara ngatur gedhe cilice geni kompor. Malam ana pirang-pirang jinis, yaiku :
·         Malam abang utawa ireng
·         Malam kuning
·         Malam putih
·         Malam kepyar, lan liya-liyane
b.      Kain mori
Kanggo mbathik tulis bakaran, kain sing digunakake kain mori sing bahan dhasare satus persen saka kapas utawa kain mori katun. Sing dadi alesane yaiku :
·         Kain mori iki kagolong kain sing paling tipis, menawa dibathik bakal tembus utawa bathike bakal katon kanthi cetha satemah gampang kanggo diterusi.
·         Kain mori duwe daya resep tumrappawarna sing becik. Kajaba iku gampang banget anggone nyedhiakake amarga sumadya ana ing pasaran.
·         Manawa kain mpori ora satus persen saka kapas, utawa campur karo bahan liyane upamane nilon, biasane Manawa kenamalam sing panas bakal mengkeret, kajaba saka kuwi ora bisa nyesep zat pewarna kanthi sempurna.
c.       Zat pewarna
Zat pewarna yaiku zat sing digunakake kanggo menehi warna marang kain bathik. Zat pewarna iku ana sin g wujud sintetis utawa gawean lan zat pawarna alami utawa asli. Kanggo wektu saiki pawarna bathik sing bakaran wetan luwih akeh migunakake pawarna gawean, amarga pawarna iki regane luwihmurah lan luwih gampang digoleki ana ing pasaran.
Miturut jinise pawarna iku dibagi dadi 3 ing antarane :
·         Wedel yaiku zat pewarna dhasar, kanthi warna biru tuwa. Wedel kanthi biru tuwa iki biasane dicampur ana bathik klasik bakaran
·         Sogo iki minagka pawarna kang mligi, kanthi warna abang semu soklat. Sogo kanthi warna abang semu soklat biasane digunakake ana bathik-bathik klasik bakaran.
·         Saren ing kene mung digunakake minangka panentu warna, dadi Manawa tuku sogo mesthi kudu bareng karo sarenne.
Warna sing lumrah kanggo mbathik yaiku : ireng, biru tuwa, soga/soklat, kudhu/abang tuwa, ijo, kuning, lan warna violet.
d.      Canthing
Canthing yaiku piranti kanggo nggambar utawa nemplekake malam ana sadhuwure kain sing arep dibathik. Bathik iku sawijining kegiyatan nggambar cakrik  tartemtu jroning kain mori utawa liyane kanthi nggunakake malam lan sarana canthing. Dene carane gawe bathik iki, miturut sawetara sumber, diwiwiti saka nyepakake kain mori nganti dadi kain bathik. Kanggo gawe cakrik bathik lumrahe dilakoni kanthi cara tulis tangan nganggo canthing (bathik tulis), nggunakake cap saka tembaga (bathik cap), gawe cakrik jroning mesin printing (bathik printing), dibordir (bathik bordhir). Carane gawe bathik iku rada njlimet tur pating clekenik. Akeh ubarampe lan laku sing kudu ditindakake. Sing kapisan diwiwti saka pamilihan cakrik bathik. Cakrik bathik iki digambar ing kertas lembaran gedhe lan kanggo ngeblat ing kain mori. Saka gambaran cakrik iku, banjur dicorek ing kain mori. Bubar kuwi lagi dibathikake marang tukang bathik lan sateruse diproses kanthi cara tartamtu supaya dadi kain bathik.
2.       Carane gawe bathik
a.       Ngelowong, yaiku nggambari kain nganggo malam. Sipat malam kudu kuwat lan malame gampang dieculake kanthi cara dikerok, jalaran tilas gambar saka malam iki kang bakale diwenehi werna soklat soga.
b.      Nembok, yaiku proses kang meh padha karo ngelowong. Nanging malam kang dienggo luwih kuwat amarga malam iki kanggo nahan werna biru (indigo) lan coklat soga supaya ora tembus kain. Bedane karo ngelowong yaiku menawa nembok iku kanggo nahan werna. Dene ngelowong kanggo nggambar lan dadi panggonane werna soklat sawise dikerok.
c.       Wedelan/ celupan, yaiku proses menehi werna biru kanthi nggunakake indigo kang ditrepake karo tingkatan werna sing dikarepake. Jaman ndhisik mbutuhake wektu nganti seminggu luwih. Sawise taun 1965, sithik banget wong kang nggunakake indigo. Werna biru iki sabanjure nggunakake werna kimia kang luwih cepet kaya naptol, kang bisa nyepetake proses iki.
d.      Ngerok, yaiku ngilangi malam klowongan kanggo nyepaki werna soklat. Carane nandangi kanthi nggunakake cawuk.
e.      Mbironi, yaiku proses kang dilakoni nalika kain wus dikerok ing perangan –perangan kang dikarepake werna supaya tetep biru lan putih (cecek), perlu ditutup malam nganggo canthing tulis/ biron. Asile supaya perangan iku ora kecemplungan soga Manawa disoga.
f.        Ngoga, aiku proses nalika kain kang wus dibironi diwenehi werna soklat/ disoga kanthi ekstrak pawarna kang digawe saka kulit kayu, soga, tingi, tegeran lan liya-liyane (zat werna alam)

g.       Kain iku banjur dicelup jroning bak nganti teles sakabehe, banjur ditus nganti garing. Proses iki dbolan-baleni nganti entuk werna soklat sing dikarepake. Lumrahe mbutuhake wektu nganti rong minggu. Nanging Manawa nggunakake pawarna kimia (zat werna sintetis) proses iki bisa rampung sedina. 

GEGURITAN

MACA GEGURITAN

Manut asal-usuling tembung, geguritan asale saka tembung “gurit” sing tegese kidung, tembang, utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan, yaiku puisi jawa. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa, lan wiraga manut surasane.
Titikane geguritan yaiku :
1.         Ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu,
2.         Isine mentes, padhet,
3.         Basane endah,
4.         Ngandut piwulangan, kritik, protes, pangarep-arep, lan liyan-liyane.

Geguritan kang becik ora ninggalake paugeran, yaiku :
1.         Guru lagu yaiku, dhong-dhinge swara (tibane swara) ing saben pungkasane gatra
2.         Guru gatra yaiku, cacahing gatra (larik) saben sapada (sabait)
3.         Guru wilangan yaiku, cacahing wanda (suku kata) saben-saben gatra.

Geguritan kaperang dadi 2 yaiku :
1.       Geguritan Tradhisional
Geguritan tradhisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartemtu kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahingwanda saben larik uga dhong-dhinge swara (tibane swara). Kang kagolong geguritan tradhisional yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan, tembang gedhe.
2.       Geguritan Modern
Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradhisional. Tegese saben pada ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake wanda lan dhong-dhinge swara. Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani geguritan.


Paugeran kang kudu digatekake supaya bisa maca geguritan kanthi becik tur endah yaiku :
1.       Mangerteni isine geguritan sing diwaca
2.       Bisa ngrasakake surasane geguritan
3.       Duwe swara sing landhung lan becik supaya kepenak dirungokake
4.       Pangucapane tembung kudu pener

Tuladha Geguritan
Kurban Salah Mangsa
Ndeleng blegere mono ya siswa
Panganggone jebles siswa
Kumpulane katone padha siswa
Saka ngomah ya katon siswa
Yen ing kelas ora beda kaya siswa
Ing tengah dalan jebul dudu kaya siswa
Banjur . . . banjur kena apa
Jare kabeh kandha siswa
Nanging . . . nanging jebul nyata .. . nyata
Tumindake dudu kaya siswa
Kelakuane ora pantes yen sinebut siswa
Tandang tanduke ora patut dikandhakake siswa
Solah-bawane nyebal saka wujude siswa
Babar pisan ora duwe tatakrama

Singular saka kasusilan
Dhemene padha tawuran
Rumangsa bangga yen bisa nglanggar aturan
Tumindake tanpa nganggo tatanan
Solahe nalisir saka paugeran
Polahe kaya wong urakan
Ugal-ugalan sadalan-dala

Ngombe kang tanpa ukuran
Kumpulane kaya dene padha karo kewan
Lummuh makarya apa maneh kangelan
Nanging gaweyane tiru-tiru bangsane juragan
Sapolahe emoh kalah
Sanadyan nglakoni laku salah
Kaya-kaya ora duwe rasa gela
Sandyan wis tumindak kang nistha
Rumangsa kaya ora duwe dosa
Sanadyan tumindak luput ing saben mangsa

Sing salah banjur sapa
Sing salah lan nanggung akibate ora liya
Ya sing rumangsa dadi manungsa
Ya manungsa sing kud urip karo manungsa
Ya jalma sing kudu bareng karo spadha-padha
Ya manungsa sing kudu bekti karo wong tuwa
Ya manungsa sing kudu mituhu marang dwija
Ya manungsa sing kudu diwenehi urip dening Kang Maha Kawasa
Ya manungsa sing dadi gegadhangane nusa lan bangsa
Siswa sing dadi kurbane salah mangsa


Nyemak Pariwara (Iklan)

Nyemak Pariwara  (Iklan)

Pariwara nduweni teges ajak-ajak utawa celuk-celuk kang katindakake kanthi bola-bali (berulang-ulang). Lumrahe dibiwarakake mawa media, kayata radhio, televise, film, laying kabar/ariwarti, kalawarti (majalah) lan liya-liyane. Ancas tujuwane pawongan utawa perusahaan masang nggiyarake pariwara, yakuwi kanggo menehi katrangan (informasi), ajak-ajak, nepungake ngiras nawakake jasa utawa asil produksine marang wong akeh utawa masarakat.
Pariwara iku bisa kasebut komunikatif yen pesen utawa kang pengin disiarake bisa dipahami utawa dimangerteni dening masarakat umum. Pilihan tembung lan ukara kudu bener, ora njlimet, lan gampang ditrima utawa dimangerteni. Pariwara uga biasane dijangkepi kanthi gambar.
Babagan kang perlu digatekake sajroning pariwara ana 2 warna, yaiku :
1.         Surasa pariwara
a.    Kudu objektif lan jujur,
b.    Cekak lan cetha,
c.     Ndudut ati (menarik).
2.         Basa pariwara
a.    Gampang ditampa (komunikatif),
b.    Ukarane cekak, cetha, lan ndudut ati,
c.     Isine nyata, ora ngapusi lan sipate ngajak-ajak.

Lumrahe, pariwara iku dibiwarakake kanthi 3 cara, yaiku :
1.         Pariwara radhio                       : nggunakake suara kanggo pariwarane.
2.         Pariwara media cethak         : nggunakake gambar lan uga tulisan kanggo pariwarane.
3.         Pariwara televise                    : nggunakake gambar, suara, uga  tulisan kanggo pariwarane.

Tuladha Pariwara :


Manfaate Duduh Klapa
Duduh klapa sing seger seliyane bisa kanggo ngilangake ngorong jebule nduweni manfaat lan khasiat sing akeh banget. Kajaba rasane sing legi, enak lan nyegerake awak, jebule bisa nyegah dehidrasi, maag, nganti tekan lara kangker. Ora percaya? Ayo dirungoke kanthi temen biwara manfaate duduh klapa iki.
Ngombe duduh klapa sing adhem ana ing swasana hawa kang panas, rasane mesthi seger banget. Awit maedahi tenan yen banyu klapa dienggo gawe omben kanggo tamba ngorong. Nutrisi sing ana ing sajerone banyu klapa uga dipercaya kena kanggo sarana tamba sawarnaning lelara.
Duduh klapa kuwi salah sijine banyu murni sing cendhek karbohidrat, 99 % cendhek lemak lan cendhek gula, sing aman diombe kanggo wong sing obesitas (kelemon) lan lara diabetes (kencing manis/gula). Adhedhasar cathetan sing ana USDA National Nutrient, saben 100 gr duduh klapa nyimpen 19 kalori, 0,2 lemak, 1,1 serat, 0,72 g protein, lan 0 mg kolesterol. Uga nyimpen magnesium, kalsium, vitamin B, C, zinc, yodium, mangan lan selenium. Amarga simpenan nutrisi sing akeh mau, banyu klapa duweni kasarasan kayata : dehidrasi (kurang cairan), njaga abote awak, sistim kekebalane awak, nikelake metabolism, nyuda rasa munek, nglancarake sistim pencernaan, kolera, maag, lan kangker.




Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.