PANAKAWAN
Wayang
tumrape wong jawa tetep bisa dadi “wewayangan”. Sipat siji lan sijine bisa dadi
simbul utawa lambing sing bisa kanggo bahan introspeksi, tepa palupi utawa
bahan mawas dhiri. Kaya lakon wayang umume, sawijining satriya kang nglungguhi peran
utama, mesthi ditutake dening para “pembantu khusus” sing jenenge punakawan.
Panakawan biasane muncul sawise gara-gara, yaiku Semar – Gareng- Petruk –
Bagong, sing ndadekake swasana sing sadurunge tegang mau owah gingsir dadi
nuwuhake regeng. Sing maune bumi kocak, gonjang-ganjing, nyatane tekane para
“abdine” para satriya iki, kahanan donya malih dadi laras lan seimbang.
Ing
bausastra Jawa, tegese pana (Kw.) yaiku : ilang, entek, putus, uwal saka bebandaning
badan terang, tegese : pinter banget. Panakawan luwih mujudake sawijining
pamong sing wis “pana” (pinter banget) nduweni wawasan kang jembar, wis tanggap
sasmita lan limpad ing samubarang kalir. Yen ndeleng pangerten iki, sing jeneng
panakawan dudu abdi (pelayan, jongos) ananging sawijining ajudan wicaksana kang
wis pana lan bisa njarwakake kabeh pikiran – pikirane pimpinane. Mungguh bisa
nuladha, para abdi kudune kaya para panakawan.
Panakawan
sing paling popular, yaiku Semar. Semar mujudake tokoh panakawan sing candrane
lan sipat-sipat magepokan karo tokoh Jawa iki dikebaki sipat sing kontradiktif
utawa lelawanan. (ora lanang ora wadon, ora nangis ora ngguyu, dudu dewa dudu
menungsa, ora papan ora dunung, ora adoh ora cedhak nanging mesthi ana) dadi
Semar minangka gambarane manungsa, sing wis ora mbedakake iki gegambarane susah
bungah, mlarat sugih. Ya manungsa kang mangkene iki gegambarane pawongan kang
wis ora kagadhuhan rasa was sumelang lan ragu-ragu (wus tan samar samar marang
samobah mosiking jagad) kaya kang katur ing dhuwur.
Nala Gareng,
saka ukara “nala” tegese : ati lan Gareng : garing. Dianggep symbol/lambang
manungsa kang wis luwar saka kesalahan. Yaiku pawongan kang ora melikan marang
sakabehe kang diprangguli lan diweruhi. Wujude cacat : irunge gedhe, mata kera,
tangan ceko, sikil gejig/bubulen. Iku ngemu teges, irunge gedhe : tajem
pangambune, nglirik dhuwur lan kanan kering lambange wong sing teliti ing
sabarang kalir, tangan ceko (bengkong) lambange wong jujur ora melik lan
nduweni barange liyan. Lan sikil gejig lambange wong sing tansah kebak
pengati-ati.
Petruk
perangane awak sarwa dawa, kendhor. Tangane, irunge, gulune, pasemone sarwa
gumak gembira. Uga sinebut kanthong bolong, tegese bocor. Apa wae kang
dilebokake langsung ilang tanpa tilas. Dadi bentuk lan wujude Petruk iki lambange
manungsa kang sarwa rileks ora gampang runtik atine. Kabeh ditindakake kanthi
ati kang seneng. Kajaba bagong iku dudu panakawan pokok, ning mung mujudake
susulan lan lagi dikenal kurang luwih taun 1680.
Ing donyane
para panakawan urip kaya ora ana suasana susah. Jalaran urip ing kahanan apa
wae terus bakal lumaku. Kenapa susah, saben metu among jejogedan, iya
tetmbangan, lan kadhangkala pada cangkriman.
Kapetik
saking Jaya Baya (Nopember 2012 : 24)
0 komentar:
Posting Komentar