SINTA PRASETYA
Semebar arum wangi , nggambarake gandaning kusuma , endahing
pamimpin amanca kang apik, saking anggane sekar kedaton nagari Manthili sang
Dyah Ayu Sinta. Remaja putri kang wus ngancik dewasa, sakmenika dados pujaning putra
para raja manca nagari. Dasare putrid adi Manthili dedege sarenteg pangawak
dara, alus pasemone anteng, eseme pait madu.
Sak antawis
lumadi adeking sayembara mentang langkap kyai Gandewa Dibya, sapa kang bisa
menuhi sarat punika, menika ingkang dadya jatu kramane sang putri Manthili
yaiku Dyah Ayu Sinta.
Sanadyan
sampun kathah para raja lan para satriya ingkang lumebet ing sayembara,
sakmenika dereng wonten ingkang kiyat
mutung dedere langkap. Kang andadosaken susahing ati Sang Maha Prabu Janaka.
Sang Putri
susah atine mirsani susahing Sang Rama. Sang Putri ngrumiyini mapag sesungkem
marang sang Rama.
“Rama kula
ngaturaken sungkeming bekti dumateng ngarsanipun paduka”.
“Iya,
banget panarimanipun baoa, pangestuku marang sira”.
“Wonten
kersa punapa bapa prabu?”.
“mangkene
nduk, ing sakjroning sayembara mentang gandewa dibya teka saiki during katon
para raja lan satriya kang bisa naklukake sayembara. Gumunku wong semana akehe
kok ora sumbut karo kahanane, mung gedhe awake lan adol bagus wae. Kang
mangkono yen nganti kesuwen lelakon iki dak kira ora apik dadine, prasasat kang
dadi lelarane nagara Manthili. Yen ora bejane bakal dadi memalaning praja”.
“ inggih
bapa prabu, kula kinten inggih mekaten. Kula boten purun menawi kula angsal
jodo ingkang boten sae. Kados surasane weda, luput pisan kena pisan, yen
gampang inggih luwih gampang, yen angel inggih kelangkung angel. Dene adeging
sayembara mentang gandewa dibya menika sampun kula tekadi, dadasa sarana anggen
kula milih jodo kang pantes dados pangayoman, satriya kang seneng tetulung,
satriya kang hanyembuh nagari Manthili”.
“o,
mangkana ta karepmu”.
“inggih
bapa prabu, makaten wau kersa kawula bapa”.
“iya nduk,
muga dadi keyekten apa sing dadi kekarepanmu nduk”.
“inggih
bapa”.
Saksampunipun
lamun sira negga dathengipun para raja lan satriya ingkang saged naklukake
sayembara mentang gadewa dibya, jumbuh kaliyan pangarep-arepipun sang retna,
Raden Rama Wijaya kaderekaken ingkang rayi Raden Lesmana Widagda Satriya ing
Ayodya, manggih Janaka kangge naklukake sayembara mentang gandewa dibya.
“amit,
nuwun sewu paduka prabu, sinuwun kula nyaru sowan ngadep panjenengan”.
“aja
pakewuh Raden, lungguha sing kepenak”.
“Nuwun
inggih ngestokaken dhawuh”.
Jumbuh karo
pocapan Sang retna, sowane Raden Rama Wijaya lan Raden Lesmana Widagda mara ing ngarsanipun maha Prabu Janaka njawab
dongane sang retna. Raden Rama Wijaya badhe nyobi sayembara mentang gandewa
dibya maos mantra kang biyasa diucapaken manungsa, ingkang dikabulaken
Sanghyang Wisnu kang wenang andum kabahagyan. Andadekake penggalihing Sang Maha
Prabu Janaka katuju citraning sang abagus.
Mangkana
sang retna Manthili dupi pagut ingkang sapisan kaliyan satriya Rama, geter
jroning penggalih, kados ngusik usik gumulung ombak ing samodra, netra
kepencut. Makaten ugi sak jroning penggalihing Rama, kang sapindhah kapaut
tresna kaliyan Sang Retna Manthili.
“E, cah
bagus saka ngendi asalmu, Raden sapa kang nyebar ganda wangi”.
“Kula
saking Ayodya, nama kula Rama Wijaya, dene punika kadang anom kula pun nama
Lesmana Widagda. Sembah nuwun sowan parengana tumut sayembara gandewa debya”.
“Ya ya
Raden dak lilani, dak restoni, nganggo puja mantra bisaa ing karya. Ayo nduk
minggira sawetara”.
Saknalika
Rama bangkit saking palenggahanipun, lumampah dumugi papan dununge a gadewa
dibya. Para Raja sewu nagara gumun ing penggalih, dene taksih wonten satriya
ingkang badhe lumebet ing sayembara mentang gandewa dibya. Menapa saguh
kadadosan hamentang gandewa aji Manthili menika.
Cikat
trengginas Sang Rama minggah ing kencana ambuka, nekuk lututipun lan ngucapaken
sesembahan. Nyuwun anugrahing bathara.
“Duh
bathara, sesembahing janma, mugi paring anugrah dating kawula. Duh kanjeng
Prabu Dasarata saha Kanjeng ibu Dewi Ragu, paduka tiyang kula ingkang dados
panguat kula, kang jumbuh dongane datheng kawula, mugi paringana puji rahayu
kasembadaning sedya kawula”.
Sang Rama
bangkit saking sembahipun antuk bayangan, andatengaken angin mobat mabit.
Saknalika Gandewa sigar sapisan runtuh.
Raden Rama
saged menuhi sayembara, Sinta bakal dadi pendampingipun Raden Rama. Ingkang
pancen tibaning asmara Sinta kaliyan Raden Rama.
Saksampunipun
sayembara kasebat, ingkang ramanipun Sinta ngawontenaken pesta manten.
“Duh
putriku Sinta, disekseni kaliyan bumi kelawan langit, mega ing angkasa iki,
jeneng mu jejer kaliyan satriya Rama, mula gatekna pocapanku, rabi tansah setya
mituhu marang Rama, umpama kuwi pisah ya pisah amarga kepaten.
0 komentar:
Posting Komentar