Pendhawa Kelangan Pusaka

Kamis, 18 Desember 2014




Entuk Kembang Candhawurawan Petruk 


Bisa Dadi Dhukun


Wayang morgan Petruk menganggo aneh, klambi mantel dawa, kethu oncit (keongan) lan nganggo sampir iki arane wayang Petruk Dhukun. Asesoris liyane, wong jenenge petruk sing mesthi ya duwe pethel lan wedhung. Wayang sing pinetha khusus iki metune ya mung ing lakon carangan Petruk Dadi Dhukun, sing inti critane ngene :
Prabu Duryudana nampa kabar yen Pandhawa lagi susah merga kelangan pusaka. Nata ing Astina kuwi maune arep mbiyantu nggoleki. Nanging terus disetani Pandhita Durna lan Sengkuni murih kalodhangan iku digunakake kanggo ngecak Amarta, nadyan ora disetujoni Prabu Baladewa lan Karna.
Astina nuli siap-siap mbudhalne wadya, ning dumadakan ana utusan saka Negara Cundharante, apraceka danawa. Cacah loro : ditya Pegatnyawa lan Sambernyawa. Matur yen ingutus ratu gustine, Prabu Dewamurti, nyuwun palilah mboyong Durna lan Sengkuni menyang Cundharante, arep kanggo tumbaling praja.
Mesthi wae Prabu Duryudana ora maringake, wusana dadi pasulayan antarane para Kurawa lan utusan saka Cundharante kuwi. Kurawa kasoran yudane, mlayu salang-tunjang mundur saka paprangan. Durna lan Sengkuni dadi bingung, lang bareng kekarone arep mlayu ndhelik, ngerti-ngerti malah disaut saka dirgantara dening utusan digawa mabur menyang Cundharante.
Aswatama bisane kari tawang-tawang nangis. Enggal matur Narpati Karna murih kersa mbiyantu nggoleki lan ngrebut Durna lan Sengkuni. Adipati Karna saguh, enggal ngetut wuri lan nututi Durna lan Sengkuni sing digawa mabur Pesatnyawa lan Sambernyawa.
Bareng ketututan, Durna lan Sengkuni dijaluk bali, ning dikukuhi dening utusan Cundharante kuwi. Dadi perang maneh. Ning saiki utusan mau kapracondhang, nuli njaluk pambiyantune senapati Cundharante sing awujud naga sebongkote wit tal gedhene, yaiu Naga rangsang. Karna kena sembur mripate, dadi wuta. Dening Baladewa mundur, arep digolekake usada. Dene Durna lan Sengkuni sing sambat-sambat digawa mabur menyang Cundharante.
Nalika iku Arjuna, didhereke Semar, Gareng, Petruk lan Bagong sing diutus Prabu Puntadewa nggoleki ilange pusaka, ing marga krungu sambate Durna lan Sengkuni ing langit. Enggal arep nulungi, ning dielingke Petruk, ora usah melu-melu, ning Arjuna puguh, nguyak abure Nagarangsang lan klakon bandayuda.
Ora wurung Arjuna ambruk. Semaput merga disembur Nagarangsang. Petruk nyucuh, ya ngene iku, yen legan golek momongan! Intine nyalahake bendarane. Krungu Petruk kakehan omong, Semar nesu. Petruk ditundhung !
Petruk ya njur lunga saparan-paran. Tanpa kajarag lakune kesasar tekan ing Wit Soka Jajar Sanga. Neng kono ketemu kari Jim Abang lan Jim Putih. Marang kekarone Petruk ngaku, “Aku iki uga Jim. Jenengku Jim Blorok!” Petruk ngaku yen uga isih sedulure jim sekarone mau, malah tinemu tuwa. Jim Abang lan Jim Putih, nuli njaluk Petruk melu ngreksa Kembang Candrawurawan. Petruk saguh.
Critane Jim Abang lan Jim Putih pamit arep lunga sedhela, Petruk dipercaya njaga Kembang iku dhewe. Sapungkure jim sekarone, Kembang njur dipek Petruk, digawa lunga saka kono. Amarga kanggonan kembang sekti, Petruk sakabehane malih dadi ampuh, banjur madeg dhukun. Pasiene Petruk saya akeh, klebu Karna lan Arjuna sing uga teka merdhukun mrono lan bali waluya sawise diusadani.
Prabu Baladewa njaluk pitulungan marang Prabu Kresna supaya melu nggoleki ilange Durna lan Sengkuni kanthi nglurunh menyang Cundharante. Prabu Kresna banjur nganthi Werkudara lan para putra Pandawa tumuju Cundharante. Ning satekane ing kana, bareng Werkudara lan para Pandhawa mangsah jurit, padha tumekaning tiwas mungsuh senapati Cundharante.
Prabu Kresna njaluk tulung Petruk gage maluyakake kang pada mati. Lan Petruk iya wis bisa malayukake. Petruk nuli sinaraya mateni ratu Cundharante sabalane. Bareng klakon adu-arep, prayata Prabu Dewamurti kasoran, temah badhar bali sejatining wujud dadi pusaka-pusakane Pandhawa kang pada murca.
Prabu Dewamurti badhar dadi jamur Kalimasada. Nagarangsang dadi Senjata Cakra, dene Ditya Pegatnyawa lan Sambernyawa bali dadi Gada Rujakpolo lan panah Pasopati. Dene Patih Baleragas, bali dadi keris Baleragas.

Petruk leyeh-leyeh sawise mateni ratu Cundharante. Dumadakan katekan Jim Abang lan Jim Putih, njaluk baline Kembang Candrawurawan, ning Petruk emoh menehake. Dadi perang. Jim sakarone badhar dadi Nakula lan Sadewa. Bareng dinangu dening Prabu Kresna, Nakula-Sadewa matur yen anggone samudana dadi jim iku, marga pengin nggoleki ing ngendi dununge pusaka-pusaka kang murca. Dene Kembang Candrawurawan ing tangane Petruk iku yektine puspita Wijayakusuma, sing banjur kaaturaken bali marang Prabu Kresna.


Kapetik saking Jaya Baya (Nopember 2012 ) 

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.