Cuci Mori ing Dusun Sapen, Sukoharjo, Kendal

Rabu, 17 Desember 2014

Bela dhiri kalebu salah sijine jenis olah raga. Jinise bela dhiri maneka werna. Ana kang saka manca uga ana kang saka lokal. Silat kalebu salah sijine bela dhiri khas Indonesia. Saliyane kanggo olah raga silat uga bisa digunakake nalika ana bebaya marang awake dhewe. Nanging ora banjur gawe pameran.
Ana ing Dhusun Sapen Kecamatan Sukorejo Kabupaten Kendal, ana saperangan warga kang melu nguri-uri kabudayan Indonesia. Salah sijine arupa silat. Ana ing Sasi Sura padatan para warga silat kuwi nganakake cuci mori. Tujuane yaiku  nyuceni barang utawa tingkah laku kang wis kelakon supaya bisa suci maneh.
Upacara cuci mori kuwi dilaksanakake ana ing malam Sura tanggale ora mesthi. Ing kono para warga kang duwe mori kuwi padha kumpul banjur slametan. Acara pisanan yaiku sesuci. Para warga kang duwe mori mau padha adus utawa wudhu banjur padha nglakoni tapa ngelang lan tapa mbisu. Tapa ngelang ateges mlaku ngubengi desa. Dene tapa mbisu kuwi meneng anteng ora kena kumecap, ora kena cawe-cawe. Tapa ngelang lan tapa mbisu kuwi dilakone bebarengan. Sawise tapa banjur padha ngumbah morine dhewe-dhewe nganggo banyu kang wis dicawisake. Bubar ngumbah mori, para warga kumpul, banjur musyawarah. Esuke lagi padha bali.

Sumber : Lesta Anistisia Mahasiswa Unnes 2012

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.