Adat Istiadat Jawa

Minggu, 21 Desember 2014

Adat Istiadat Jawa
Ruwatan


Tradhisi upacara ruwatan tekan saiki isih digunakake dening wong Jwa minangka sarana ngluwari lan nyuceni manungsa awit saka dosa lan kaluputan sing anjalari nandhang sukerta ing sajroning uripe. Sajroning crita wayang kanthi lakon Murwakala ing tradhisi ruwatan ing tanah Jawa wiwitane ngrembaka manungsa bali suci maneh. Ngruwat tegese nyingkiri sawijining kasusahan batin kanthi cara nganakake pagelaran utawa ritual kanthi sarana wayangan kulit sing njupuk lakon murwakala.
Sajroning tradhisi Jawa, wong sing nandhang sukerta utawa nandhang dosa, mula kanggo ngresiki maneh, perlu nganakake tatacara kasebut. Miturut critane, wong sing nandhang sukerta iki, dipercaya bakal dadi mangsane Bathara kala. Bathara Kala iku putrane Bathara Guru (jroning crita wayang) sing laih jalaran saka kadayan nepsu sing ora bisa dikendhaleni dening Dewi Uma, sing sabanjure kamane tumiba ing satengahing samodra, wusana njilma dadi raseksa, sing jroning tradhisi wayang diarani “Kama salah kendhang gumulung”. Nalika raseksa iku ngadhep marang ramane (Bathara Guru) njaluk mangan, dening Bathara Guru diwenehi ngerti supaya mangan manungsa sing nandhang dosa utawa nandhang sukerta. Bathara Kala kawanti-wanti ora dikeparengake mangan manungsa sing dhadhane ana tulisan mantra kalacakra lan sing sirahe ana tulisan mantra Sastra Balik. Iki katetepane dewa lan ora kena dilanggar, yen dilanggar paukuman kang abot sing ora bisa diselaki.
Wong sing diajab Bathara Kala iku ana 3 perangane yaiku :
1.             Nandhang sukerta awit saka kalairane
2.             Aradan yaiku nglakoni sawijining kaluputan
3.             Pangayam-ayam nindakake bab sing ora prayoga

Tuladha sukerta sing ana sambungrapete karo kalairane :
1.             Ontang – anting yaiku anak tunggal, lanang
2.             Unting – unting yaiku anak tunggal, wadon
3.             Uger-uger lawang yaiku anak loro lanang kabeh sakulawarga. Lsp

Aradan yaiku nindhakake kaluputan, tuladha :
1.             Singsot yaiku wong sing seneng singsot mbeto
2.             Sukerdalan yaiku wong sing mbebuwang utawa nguyuh sadalan-dalan
3.             Wadelan yaiku wongsing seneng wuda
4.             Sangga uwang yaiku wong sing seneng nyangga janggut. Lsp

Pangayam-ayam yaiku dudu wong sukerta nanging diajab dening Bathara Kala, kayata :
1.             Sumur ing ngarepan yaiku gawe sumur pas ana ngarep omah
2.             Ngobong rambut yaiku wong sing ngobong rambute
3.             Kurep ajang yaiku wong sing nyimpen ajang sing ora diasahi
Adhedhasar bab iki sing sabanjure digolekake dalan, supaya ora dipangan Bathara Kala iki diperlokake nindakake tatacara ruwatan. Tembung Murwakala / purwakala saka tembung purwa sing ateges asal, mula bukane, lank ala sing ateges wektu, mangsa. Asal mula bukane manungsa sing salah kadadeyane. Mula saka kuwi wong sing kalebu telung perangan iku perlu diruwat kanthi miturut adat tradhisi. Supaya ora dadi mangsane Bathara Kala, uwal saka panggodha lan bencana sing minangka pangajabe Kala.


0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.