Cerita Rakyat
Cerita rakyat
yaiku cerita kang isih lestari manunggal karo anane masyarakat sing kadunungan
cerita kasebut. Lestarine cerita rakyat iku gumantung marang kahanane
masyarakat sing kadunungan cerita kasebut.manawa masyarakat kasebut isih gelem
mersudi lan nguri-nguri mula bakal bisa lestari ana samadyaning masyarakat, ewa
semono Manawa masyarakat wis ora gelem nglestarekake mula ora mokal cerita
kasebut bakal cures.
Tuladha cerita
rakyat :
Mula bukane
Pesanggrahan Langenharjo
Kacarita pasanggrahan ing pinggiring Bengawan Sala iku iyasan Gusti Paku
Buwana IX salah sawijining nata kang misuwur ing Kasunanan Surakarta. PB IX
miyos tanggal 22 Desember 1830 kanthi asma timur BRMG Doeksino pranyata
ngatonake kabisan kang ngidapa-edapi wiwit timur. Panjenengane kaloka wasis
micara, kajaba sak kuwi panjenengane uga kawentar minangka pujangga agung, ora
mung pinter ngrakit tembang nanging uga pinter nembangake.
Kawegigan BRMG Doeksino ora mung winates ing seni budaya wae, panjenengane
uga mrisi kabisane ingkang Ramane. BRMG Doeksino kondhang kaloka minangka salah
sawijining Pangeran kang gentur laku tapa kanthi cara kungkum ana samadyaning
Bengawan, sing dadi kalanganene yaiku ana ing tempuran yaiku papan patemone
ilining bengawan, kerep uga sare ana ndhuwur sumur kanthi lemekan papan.
Pakulinan urip prihatin iku kajaba piguna nyedhakake awake marang Gusti
Kang Maha Kuwasa lan kawulane, uga kanggo nggayuh kasekten. Mula ora nggumunake
Manawa pakulinane kungkum iku terus dilakoninganti BRMG Doeksino jumeneng Nata
ing Kasunanan Surakarta.
Ing sawijining dina nalika PB IX nedhenge kungkum ing ilining Bengawan
Sala, nata saka Kasunanan Surakarta iku antuk wisik. “He wong sing nagi laku
semedi ora mandheg, mangertia menawa sliramu bakal lestari dadi nata menawa
sliramu iyasa pasanggrahan.
PB IX kanthi kebaking rasa panuwun kondur ing kedhaton ngabarake anane
wisik kang wus katampa. Penggalihe ingkang sinuwun Pakubuwana IX sansaya mantep
anggone bakal iyasa pesanggrahan, Panjenengane ora kersa Manawa kadadeyan sing
dialami dening Ramane, bali kelakon uga marang salirane, Kanjeng Sinuwun
Pakubuwana IX kagungan karsa bisa ngasta pamarentah lan nentremake kawulane
kanthi wektu kang suwe. Mula kanggo mujudake apa kang dadi kersane kasebut. Ingkang
Sinuwun banjur semedi supaya antuk pituduh papan panggonan kang becik kanggo
ngedegake pesanggrahan.
Ingkang sinuwun Pakubuwana IX sabanjurekanthi cara sesidheman jengkar
saka kedhaton nalasak ing sauruting Bengawan Sala kanggo ngupadi kedhung utawa
papan kang jero kanggo nindakake tapa kungkum. Anggone ngupadi ora ngayawara,
Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX bisa nemokake kedhung sing jero banget yaiku ing
kedhung Nglawu. Ya ing papan iki, ingkang Sinuwun tapa maneh kanthi weninging
penggalih meminta sih ingkang Nyipta jagad saisine.
Panyuwunan kang temen-temen, wusanane katarima dening Gusti Kang Maha
Kawasa. Ing Kedung iki Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX, bali nguwatake niyate
enggal-enggal iyasa pesanggrahan lan papane ana ing alas Klajeran.
Adhedhasar wisik kang wus katampa, Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX, age-age
dhawuh marang para kawulane supaya mbabat alas Klajeran, kanggo ngedegake
pasanggrahan. Ingkang Sinuwun temen-temen nindakake amanate ingkang rama lan
wisik sing wus katampa, mula nata Surakarta iku mbangun pesanggrahan kaya dene mbangun keratin cilik.
Cakrik wewangunan acakrik wewangunan Jawa, limasan lan joglo sing ngandhut
piwulang budaya Jawa lan dikupeng “Jagan” yaiku kalenan kanggo njaga
kaslametan. Dening Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX, pesanggrahan iku diparingi
jeneng “Langenharjo”.
Sujarah wus nyathet, kanthi kasile Ingkang Sinuwun Pakubuwana IX mbangun
pesanggrahan jumbuh karo dhawuhe ingkang rama lan wedharing wisik kang katampa,
kasunyatan panjenengane bisa jumeneng nata sajroning wektu 32 taun lawase.
0 komentar:
Posting Komentar