Cerita Rakyat

Kamis, 25 Desember 2014



Nyemak Crita Rakyat


Saben dhaerah. Nduweni crita kang beda-beda. Amarga kemajuan teknologi kanthi anane TV, crita mau kalah karo tokoh-tokoh hero saka Negara liya. Akeh bocah saiki kang ora ngerti babagan crita ing dhaerahe dhewe. Sejatinecrita rakyat iku ngemu surasa kang gedhe banget tumrap bocah-bocah, khususe kanggo pendidikan budi pekerti. Kayata crita kancil karo baya, malin kundang, lan liya-liyane.
1.         Crita fiksi
a.        Mite,yaiku dongen kang ana sesambungane karo alam lelembut, alam gaib.
Tuladhane : nyai Roro Kidul, Nyai Blorong, gendruwa, tuyul, lsp.
b.        Fabel , yaiku dongeng kang paragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa.
Tuladha : kancil nyolong timun, kancil karo boyo, kancil karo macan, gajah musuh semut, lsp.
c.        Legenda , yaiku dongeng gegandengankaro dumadine sawijining papan utawa barang.
Tuladha : asal-usul rawa pening, asal-usul desa granting, watu malin kundang, lsp.
2.        Crita nonfiksi
a.        Hikayat , yaiku crita kang mbahas babagan peragane kanthi jelas.
Tuladha : hikayat  hang tuah, hikayat bahtiar, lsp.
b.        Babad, yaiku crita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi crita kang ora nggenah.
Tuladha : babad tanah jawi, babad mataram, babad majapahit, lsp.
c.        Sejarah, yaijku crita kang bener-bener kedadeyan la nana bukti nyatane.
Tuladha : sejarah jendral soedirman, sejarah majapahit, sejarah wali perkasa, lsp.
d.        Roman, yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan saka lair tekan patine.
Jenise roman : roman adat, roman sosial, roman detektif, lsp.

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.