Dumadine Sendhang Sumber

Selasa, 16 Desember 2014


Wonten ing Dhukuh sumber, Desa Tenggeles, Kecamatan Bae, Kabupaten Kudus, wonten satunggaling sendhang. Papan kalawan dados panggenan ingkang rame kanthi nama sendhang Sumber. Ngantos sakmenika menawi wulan syawal ngleresi ing ba’da kupat kathah tiyang ingkang sami tindak datheng sendhang sumber. Tiyang menika sami mbeta kupat ugi lepet saperlu paring tetedhan bulus ingkang wonten ing sendhang wau.
Sanajan bulus ingkang wonten ing sendhang menika boten wonten, ananging tradhisi wau tetep dipunlestantunanken. Para warga sami  sadeyan ugi ngawontenaken  hiburan maneka warna kangge ngramekaken papan kalawau. Cariyos sesepuh wonten mriku, sendhang bulusan kalawau pancen kathah bulusipun. Cariyosipun gegayutan kaliyan sunan muria ingkang tindak njenengi pepanggihan para wali ing tlatah pati. Ing wekdal menika tindakipun Sunan Muria nglangkungi tlatah Desa Sumber. Ing satengahing sabin, Sunan Muria miring swanten krubyak-krubyuk ing salebeting toya.
“Swara apa iku?” ngendikanipun Sunan Muria kaliyan santri-santrinipun.
Para santri kaliyan Sunan Muria ningali, lajeng matur “Menika wau swanten tiyang ndhaut, kanjeng Sunan.”
“O…, dak kira swara bulus.” Mangkono ngendikanipun Sunan Muria kaliyan nilar papan kalawau.
Sabibaripun Sunan Muria ningali swanten kala wau, tiyang ingkang saweg ndhaut kalawau sami dados bulus. Tiyang wau sami getun sanget, amargi piyambakipun nyambut damel ananging boten ngertos wayah ugi boten sami nindakaken ibadah. Para bulus sami ngentosi Sunan Muria wangsul saking Pati. Sasampunipun rawuh para bulus nyuwun pangapunten kaliyan Sunan Muria ugi nyuwun dipun wangsulaken dados manungsa malih. Sunan Muria ngendikan, menawi sedaya sampun takdir, boten saged dipunwangsulaken malih. Para bulus sami sedhih ugi matur kados-pundi anggepanipun pados pagesangan. Sunan Muria tuwuh raos welasipun lajeng nancepaken tongkat ing siti utawi lemah. Sanalika lemah kalawau medal toyanipun ingkang salajengipun dados sendhang ingkang toyanipun bening sanget.

Ngendikanipun Suna Muria “ kowe kabeh ora bakal ngelih, panganmu sing kok senengi bakal teka”. Para bulus ngaturaken panuwun kaliyan Sunan Muria, amargi para bulus sampun dipunbiyantu. Wiwit kedadosan kalawau para warga maringi tetedhan kangge bulus-bulus wau. Ugi ngantos sakmenika adat menika kalampahan. 

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.