Tembang Jawa

Senin, 29 Desember 2014



Ngapresiasi Tembang Jawa

Tembang macapat kalebu perangane tembang jawa. Wulangan ing perangan iki bakal ngrembug babagan kasusastran tembang. Tembang jawa yaiku reriptan kanthi paugeran tertamtu kang pamacane kudu dilagokake lan bisa diiringi wiramaning gendhing (swara lelagoning gamelan).
1.             Perangane Tembang Jawa
a.         Tembang Kawi utawa Tembang gedhe

Ø  Pamularsih
Ø  Rukmarata
Ø  Gandakusuma
Ø  Citrakusuma
Ø  Tepikuwari
Ø  Retnamulya
Ø  Mintajiwa
Ø  Kusumastuti
Ø  Kumuda asmara


b.        Tembang Tengahan

Ø   Pranasmara
Ø   Palugon
Ø   Kenya kedhiri
Ø   Juru demung
Ø   Kuswaraga
Ø   Balabak
Ø   Wirangrong
Ø   Girisa
Ø   Kuswarini
Ø   Pangajabsih


c.         Tembang Macapat utawa Tembang Cilik
Kajaba saka iku uga ana tembang reriptan gagrag anyar sing diarani tembang dolanan. Jenise tembang macapat yaiku :

Ø  Pocung
Ø  Maskumambang
Ø  Gambuh
Ø  Megatruh
Ø  Kinanthi
Ø  Asmarandana
Ø  Mijil
Ø  Pangkur
Ø  Durma
Ø  Sinom
Ø  Dhandhanggula



2.             Watak lan Panganggone Tembang Macapat
No
Tembang
Watak
Kanggone
1.       
Kinanthi
Seneng, asih
Medharake pitutur
2.       
Pocung
Kendho
Medharake crita sing sakepenake
3.       
Asmarandana
Sengsem, prihatin
Medharake pitutur kasmaran/crita asmara
4.       
Mijil
Wedharing rasa
Pitutur
5.       
maskumambang
Nalangsa
Kanggo medharake rasa ngeres/keranta-ranta
6.       
Pangkur
Sereng
Kanggo medharake kang sarwa sereng
7.       
Sinom
Grapyak, pantes
Kanggo medharake pitutur/ sesorah
8.       
Dhandhanggula
Grapyak, pantes
Kanggo bebuka, medharake pitutur/ sesorah
9.       
Durma
Luwes, resep
Kanggo bebuka, medharake rasa nepsu
10.   
Gambuh
Galak, mantep
Kanggo medharake pitutur
11.   
Megatruh
Rumaket, kulina, sedih, kingkin
Kanggo medharake rasa keranta-rata

Katrangan :
a.       Pada, yaiku cacahing tembang macapat saben salagu, saka wiwitan tekan pungkasan
b.      Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) ing tembang macapat
c.       Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra
d.      Guru gatra, yaiku jenenge larikan ing tembang macapat

Pangrakiting Tembung

Minggu, 28 Desember 2014

Pangrakiting tembuing padatan sinebut proses morfologis. Pangrakiting tembung ana ing bada jawa yaiku : Afiksasi, Reduplikasi, Komposisi, Modifikasi lan Pemendekan.

a) Afiksasi yaiku pangrakiting tembung kanthi cara nambahaken afiks ana ing bentuk dasar. Tuladhane di- + gawa = digawa. Afiks ana 4, yaiku :
1. prefiks (afiks sing ditambahke ing sangarepe tembung. Prefiks  uga sinebut ater-ater. Tuladha mi- + tururt = miturut)
2. Infiks (afiks sing diseselke ing satengahing tembung. infiks uga sinebut seselan. Tuladhane -in- + sebut = sinebut)
3. Sufiks (afiks  sing ditambahake ing samburine tembung Sufiks uga sinebut panambang. Tuladhane buku + -e = bukune)
4. Konfiks (afiks kang nduweni elemen loro, yaiku ing ngarep lan mburi. Tuladhane ke-/-an +  bener = kebeneran)
b) Reduplikasi yaiku pangrakiting tembung kanthi cara mbaleni bentuk dasare. Reduplikasi ana sing utuh (penuh) lan uga parsial (sebagian). Reduplikasi utuh sing uga sinebut Dwilingga tuladhane : mlaku-mlaku. Dwilingga salin swara tuladhane : Mloka-mlaku. Reduplikasi parsial ana 4, yaiku :
1. Dwipurwa Tuladhane : Lelara.
2. Dwiwasana Tuladhane : Cekikik.
3. Dwimadya Tuladhane : Diuncal-uncalake
4. Dwimadya salin swara Tuladhane : ditukak-tukokake
c) Komposisi yaiku pangrakiting tembung kanthi cara nggabungake morfem dasar lan morfem dasar, bisa morfem bebas utawa morfem terikat, banjur dumadi identitas leksikal sing beda, utawa anyar. Komposisi ana 2, yaiku :
1. Komposisi sampurna yaiku komposisi kang unsur-unsure awujud tembung. Tuladhane wong tuwa, semar mendem.
2. Komposisi sebagian yaiku komposisi kang salah siji utawa kabeh unsure awujud separoning saka tembung, tuladhane : dubang (idu + abang), lunglit (balung + kulit)
d) Modifikasi ana 2, yaiku modifikasi kosong lan modifikasi internal. Modifikasi kosong uga sinebut konversi, transposisi, utawa derivasi zero, yaiku pangrakiting tembung saka morfem dadi morfem liya tanpa ngowahi unsur segmentale.
e) Pemendekan yaiku pangrakiting tembung kanthi cara ngilangake utawa nyekakake  bagian-bagian morfem utawa nggabungake saengga dumadi bentuk kaya singkatan. tapi maknane tetep utawa padha. Pemendekan ana 4, yaiku :
1. Akronim. Tuladhane : Puskesmas (Pusat Kesehatan Masyarakat)
2. Kontraksi. Tuladhane : Ra ruh (ora + weruh)
3. Aferesis. Tuladhane : jeng (ajeng)
4. Singkatan. Tuladhane : UGM (Universitas Gajah Mada)

Micara

Kamis, 25 Desember 2014



Micara

1.         Guneman nganggo wangsalan / parikan
Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata kramane utawa unggah-ungguh basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa wangsalan. Unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata susila, tata pranataning basa miturut lungguhing tata karma utawa nggunakake basa.
Babagan unggah-ungguh basa dibutuhake banget ing jaman modern iki. Emane, basa karma kurang  diajarake marang siswa ing sekolahan. Mula iku ing kene para siswa bakal diajari kepiye tuladhane pacelathon marang wong kang luwih tuwa.
Undha-usuking basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa karma. Basa ngoko kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang wis kulina utawa satataran. Dene basa karma kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang durung kulina utawa wong kang tataran bebrayan luwih tuwa.
2.         Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang kadadeyan saka rong ukara, kang dhapukane kanggo purwakanthi swara utawa 8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka, ukara kapindho iku wose utawa isi bakune.
Tuladha :
a.    Manuk emprit, nucuk pari
Dadi murid, sing taberi
b.    Wajik klenthik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
c.    Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar
Lamun sabar, bisa lejar sarta binger
3.         Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman. Dene tebusane utawa batangane (jabwaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Wangsalan keperang dadi loro yaiku wangsalan padinan lan wangsalan tembang.
a.    Wangsalan padinan, yaiku wangsalan kang ana ing paguneman sadina-dina
Tuladha :
ü   Janur gunung, esuk-esuk dolan mrene 
  Janur gunung : aren (kadingaren)
ü   Sekar aren, sampun dangu-dangu
               Sekar aren : dangu
ü   Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso 
   Roning mlinjo : so (godhong mlinjo)
b.    Wangsalan tembang,kang kanggo ing tembang. Bisane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang kinanthi sandhung utawa kinanthi sabakastawa.
Tuladha :
ü   Petis manis, sarining kaca benggala
Aja ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
ü   Jenang sela wedar kalen sasonderan
Apuranta yen lepat kawula
ü   Balung geni, kalong lit kang aneng wisma
Dhuh para siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)


Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.