Ukara

Senin, 22 Desember 2014

Njembarake Kawruh

Ukara


Ukara dhapukaning tembung anut paugeran tartamtu kang nduweni teges kang cetha. Ukara sing sempurna iku kedadeyan saka : jejer, wasesa, lesan, lan katerangan.
Ø  Jejer (subyek) yaiku sing dadi bakuning pirembugan, jejer dumadi saka tembung aran, utawa tembung liyane sing didadekake tembung aran.
Ø  Wasesa (predikat) yaiku sing nyritakake utawa nerangake kahanan jejer. Wasesa bisa saka tembung kriya,sarta tembung kahanan, tembung sesulih, tembung wilangan, tembung aran, tembung katerangan lsp.
Ø  Lesan (obyek) yaiku apa sing disedya dening wasesa. Lesan kadadeyan saka tembung aran utawa tembung liyane sing didadekake tembung aran.
Ø  Katerangan yaiku sing menehi keterangan marang tembung jejer, katerangan wasesa, katrangan lesan, yaiku dumadi saka tembung katrangan sarta tembung katrangan wasesa.
Tuladha :
Susi tuku lemper ana pasar Sirdadi
Susi                                        : jejer
Tuku                                      : wasesa
Lemper                                                :lisan
Ana pasar serdadi            : katerangan panggonan.

1.              Ukara lamba lan ukara camboran
a.       Ukara lamba yaiku ukara sing duwe jejer, wasesa, lan katrangan mung siji, lire ora rangkep.
Tulaladha :
·           Budi ngiseni kolah
·           Ani nggodhog wedang
b.      Ukara camboran yaiku ukara sing kadadeyan saka rong ukara utawa luwih wujude ngumpul dadi siji lan dawa.
·           Ukara camboran jajar yaiku ukara sing ngarep ora dadi katrangane ukara sing mburi.
Tuladha :
·    Budi ngisi kolah, Ani nggodhog banyu
·    Adhiku lagi sinau basa Jawa, Bapak maos Koran
·           Ukara camboran raket yaiku ukara sing ngarep lan ukara sing mburi ana sesambungane rapet.
Tuladha :
·      Kakange lunga menyang tegalan, dene adhine menyang kebon
·      Bapak sing nutu gabah, ibu sing nginteri
·           Ukara camboran sungsun yaiku ukara sing ngarep diterusake ukara sing mburi, jalaran awujud ukara crita.
Tuladha :
·      Nalika aku lagi mangan, bapak kondur saka Sala
·      Wektu aku tangi turu, ibu wis rampung anggone olah-olah
2.              Ukara crita, ukara pitakon, ukara pakon, ukara pangajak.
a.         Ukara crita, yaiku ukaa wedhar gagasaning manungsa tumuju marang wong sing diajak guneman.
Tuladha :
·           Dina Senen tanggal 4 Maret 2013, kelas IX ulangan basa Jawa
·           Aku lagi wae weruh ana wong lanang nganggo anting-anting
b.        Ukara pitakon, yaiku ukara wedhar gagasaning manungsa, amarga kepengin mangerteni apa sing durung diweruhi. Kawiwitan tembung pitakon lan dipungkasi tandha pitakon (?)
Tuladha :
·           Apa Pak Darma isih dodol dhawet?
·           Sapa asmane bapak Kepala Sekolah?
c.         Ukara pakon, yaiku ukara wedar gagasaning manungsa tumuju marang wong kapindho, supaya nglakoni pagaweyan.
Tuladha :
·           Tulung dhi laying iki wacakna !
·           Bedhang kae pilihana sing wis mateng !
d.        Ukara pangajak yaiku uakara wedar gagasaning manungsa tumuju marang wong kapindho, supaya bareng-bareng nglakoni, apa sing ditindakake dening wong kapisan.
Tuladha :
·           Ayo padha dipangan, ora usah padha isin.
·           Ayo padha dirembug sing apik-apik.
3.              Ukara panjaluk, ukara pangarep-arep, ukara upama, ukara prajanji.
a.       Ukara panjaluk, yaiku ukara parentah utawa pakon sing luwih alus, upamane nganggo basa karma.
Tuladha :
·           Manawi kersa, mangga kula aturi pinarak.
·           Boten sisah kesesa, mangga dhahar rumiyin.
b.      Ukara pangarep-arep, yaiku ukara panjaluk, sing nganggo diwiwiti tembung muga-muga (mugi-mugi)
Tuladha :
·           Muga-muga slamet nganti tekan omah.
·           Mugi-mugi kasembadan ingkang jinangka.
c.       Ukara upama, yaiku ukara sing isine wujud wedhar gagasanig wong sing wis ora bisa klakon amarga wis kliwat.
Tuladha :
·           Upama mau lewat kana mesthi aku oleh bageyan.
·           Upama aku dadi ketua kelas, kancaku sekelas dakjajakake.
d.      Ukara prajanji, yaiku ukara kang isi prajanji sing diajak guneman.
Tuladha :
·           Yen kowe sesuk lulus daktukokake sepeda anyar.
·           Yen ibumu setuju dina prei Senen ngarep plesir ana Tawangmangu.



0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.