Ramawijaya Mupu Sayembara

Minggu, 21 Desember 2014


Ramawijaya Mupu Sayembara

Sawise lumaku mlebu-mlebu desa sawijining dina Rama lan Lesmana ketemu maneh karo Bagawan Yogiswara. Sawise kadhawuhan lungguh, Bagawan Yogiswara ngendika marang Rama, “Oh, anakku singdadi pangayomaning jagad, sliramu kaya ngibarate Hyang Syiwa pribadi sing ajog ing bumi”.
“Kawruhana marang sira, Manawa ing Negara Manthili wektu iki ana sayembara. Prabu Janaka kagungan putrid kang sulistya ing warni sing aran Dewi Sinta. Sang Prabu saiki nedheng nggolekake jodho sing cocok kanggo putrine, Dewi Sinta ora gelem tinuku kanthi rajabrana utawa bandha donya”.
Pantebaya yaiku soksapa sing bisa narik gandhewa raseksa, ora mawas drajad sarta asal-usule, sanajan dheweke asal saka wong sudra bisa uga ngayonake Dewi Sinta.
Rama lan Lesmana sawise nampa dhawuh saka ngarsane Begawan Yogiswarabanjur sumembah lan minta pamit ninggalake pertapan tumuju menyang Negara Manthili. Sauruting marga para kawula padha sorak ambata rubuh nguntapake budhale Rama lan Lesmana. Tetuwuhan lan kembang-kembang sarta sato kawan ing kanan keringing marga kaya dene mesem gembira melu nguntapake lakune Sang Rama lan Lesmana.
Nuju wayah esuk, Rama lan Lesmana wus tekan Naraga Manthili. Prabu Janaka lan putrine Dewi Sinta wus ana pagelaran sakarone ora pisah kaeo gandhewa wasiyat. Ing kono wus samekta para raja, satriya lan bupati kang kepengin mupu sayembara, kalebu para nayaka ing Negara Manthili dhewe.
Nalika Rama lan Lesmana mlebu ing pagelaran, rame kang pada seba asung marga marang Rama lan Lesmana sarwa ngungun marang satriya Ayodya kang lagi prapta. Dheweke pada ngira Manawa sing lagi ngabyantara iku Bathara Kumajaya lan Bathara Asmara sing prapta mirsani sayemabara kang ginelar. Nalika sayembara kawiwitan, akeh para raja, satriya lan bupati nyaba narik gandhewa raseksa, ananging tan ana sing bisa narik gandhewa, sabanjure Rama maju matur menawa arep melu mupu sayembara, dheweke ngaku Manawa satriya saka nggunung. Tanpa tidha-tidha ature Rama ditampa.
Kanthi lon-lonan lan tandhang tanduk kang sopan, Rama nampa gandhewa saka ngarsane Prabu Janaka sineksenan Dewi Sinta kang tanpa kedhep nyawang kasulistyane Rama. Gandhewa tinarik kanthi lon-lonan dening Raden Rama Wijaya, kanthi gampang gandhewa bisa katarik, para kang padha ndulu pating dlongop semune ora percaya marang kadadeyan kasebut.
Kaya ana kang mrentahake marang wong kang ndulu, saknalika pada keplok asurak-surak, aweh pakurmatan marang Rama. Sabanjure katetepake minangka pamupu sayembara kang  unggul, lan diwenangake nggarwa Dewi Sinta.
Sabanjure Rama lan Lesmana dinangu dening Prabu Janaka kadhawuha maju, tinakonan asal-usule Rama lan Lesmana, piyambake prasaja menawa sejatine dheweke iku putra Prabu Dasarata ing Negara Ayodya. Janaka utusan marang nayakane supaya ngirim Kintaka katur Prabu Dasarata ing Negara Ayodya, supaya kersa rawuh ing Negara Manthili saperlu ngestreni dhaupe penganten Rama lan Dewi Sinta. Prabu Dasarata kejot penggalihe sawise nampa layang saka Prabu Janaka, sabanjure jengkar saka Negara Ayodya tumuju Negara Manthili. Sawise Prabu Dasarata wus klakon rawuh ing Negara Manthili enggal-enggal Rama lan Dewi Sinta kasandhingake lungguhe pindhane kaya Bathara Kamajaya Bathari Kamaratih angeja wantah.


0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.