Njembarake Kawruh
Kerata Basa,
Baliswara, Sanepa lan Panyandra
1.
Kerata Basa uga diarani Jarwa dhosok, kerata basa
tegese udhar utawa ngudhari, kerata basa tegese tetembungan sing diudhari,
nanging dadi mathuk karo kekarepane.
Tuladha :
a. Guru = digugu ditiru
b. Kodhok = teka-teka ndhodhok
c. Kuping = kaku njepiping
d. Wedang = ngawe-awe kadang
e. Bocah = mangane kaya kebo gaweyane ora bisa
dicacah
f.
Bapak =
bab apa wae sarwa pepak
2.
Baliswara yaiku tembung loro utawa sing karangkep dadi
siji, nanging tembung sing menehi katerangan manggon ing sangarepe tembung sing
diterangake. Lumrahe ana ing tembang macapat.
Tuladha :
a. Surya Atmaja
b. Raja Putra
c. Pancasila
d. Anoman malompat
sampun
3.
Sanepa yaiku unen-unen sing saemper pepindhan,
kadhapuk saka tembung kaanan lan tembung aran, nanging nduweni tegese kosok
balen karo kaanan salugune.
Tuladha :
a. Pait, iki
tembung kaanan, madu iku tembung aran, dadi pait madu tegese rasane isih pait
madune, kamangka madu iku rasane legi, dadi yen ngono pait madu tegese barang
iku rasane legi banget.
b. Anteng kitiran
: kakehan polah nganti ora tau leren
c. Arang kranjang
: kerep banget kaya mata kranjang
d. Jero tapak
meri : cethek banget ngelmune
e. Dhuwur kencur
: dedege cendhek banget
f. Kemepyur pulut
: raket banget
g. Peret beton
: lunyu banget
4.
Panyandra, yaiku tetembungan kang nggambarake kaanan
nganggo pepindhan.
Tuladha :
a. Panyandra manungsa
ü
Kulite kuning nemu giring
ü
Rambute ngombak banyu/ngembang bakung
ü
Irunge ngudhup mlati
b. Candrane solah
bawa
ü
Lakune kaya macan luwe
ü
Lambeyane kaya merak kasimpir
ü
Rukune kaya mimi lan mintuna
c. Candrane wong
nesu
ü
Talingan lir sinabit
ü
Jaja mengkap bang mawinga-winga
ü
Angga mubal dahana
d. Candrane mangsa
ü
Satya murca saking embanan : candrane mangsa kasanga
ü
Bantala rengka : candrane mangsa karo
ü
Suta manut ing bapa : candrane mangsa katelu
e. Candrane wong
nginum
ü
Eka padma sari =
sasloki
ü
Dwi amartani =
rong sloki
ü
Tri kawula busana =
telung sloki
0 komentar:
Posting Komentar