Musyawarah
Musyawarah yaiku
rembugan bebarengan kanthi ancas lan tujuwan ngasilake pasarujukan kang bisa
kanggo sarana ngrampungake sawijine bab kang dadi perkarane wong akeh. Musyawarah
minangka wujud demokrasi cakrik Indonesia kang ana maabad-abad, malah kapara
minangka titikan baku tumrap pabrayan agunge Indonesia. Sarana musyawarah bisa
nuwuhake :
1. Panemu
kang maneka warna
2. Pamrayoga
murih sampurnaning bab kang dirembug
3. Panyengkuyung
kang awujud eguh partikel lan bandha donya
Sajroning musyawarah
sapa wae kang melu musyawarah bisa urun rembug tumrap bebrayan Jawa ana pitutur
kang becik “Aja ndelok sing rembugan, nanging deloken/ndelokna apa rembuge.
Rembugan ora
mawas wog tuwa lan wong enom, ora mawas wong pangkat lan ora pangkat, lan ora
mawas wong sugih apa mlarat. Sanadyan wong tuwa, wong pangkat, wong sugih pisan
yen rembuge ora bisa ditampa ora kena diprawasa, nanging kosok baline sanadyan
sing rembugan mau wong enom, ora pangkat, mlarat pisan nanging rembuge nalar
bisa ditampa karo pabrayan, prayogane ya ditindake kanthi temen lan tenanan.
Beda panemu
sajroning nindakake musyawarah iku wis lumrah, jalaran saben wong duwe panemu
dhewe-dhewe, nanging sing baku beda panemu iku kudu ditampa kanthi nedha nrima,
satemah tambah ngraketake pasrawungan ora kosok baline nuwuhake derdah utawa
ancas lan tujuwan anggone musyawarah.
Supaya musyawarah
bisa lumaku kanthi lancer lan becik perlu nggatekake :
1. Apa
kang dirembug
2. Sapa
kang dadi paraga, kayata :
a.
Sapa paranparane
b.
Sapa juru wicarane
c.
Sapa wae kang melu rembugan
3. Ana
ngendi lan wektune kapan
4. Cathetan
asile rembugan
0 komentar:
Posting Komentar