Wara-wara

Senin, 22 Desember 2014

WARA -  WARA

Wara-wara ing basa Indonesia tegese pengumuman. Tembung wara-wara asale saka tembung lingga “wara” tegese gunem, banjur dirangkep dadi wara-wara kang ngemu teges kandha-kandha aweh weruh. Dadi wara-wara yaiku aweh kabar utawa weruh marang sapa wae kanthi ancas wong liya bisa mangerteni isine wara-wara kang digawe.
1.         Perangane wara-wara
a.       Judul/ irah-irahan
b.      Adangiyah/ salam taklim
c.       Bebuka/ pambuka
d.      Surasa asa/ isi wara-wara
e.      Wasana basa/ penutup
f.        Panggenan lan titimangsa
g.       Peprenah/ jabatan
h.      Tapak asma (kanggo wujud tulisan)
i.         Asma terang  (kanggo wujud tulisan)
2.         Wujude wara-wara
a.       Wara-wara awujud lisan, yaiku wara-wara kang dibiwarakake lumatar kanthi lisan utawa swara. Tuladhane lumantar saka media elektronik kayata radio, tv, utawa menawa ana wara-wara kang wigati kayata lelayu, kerja bakti, lan acara liyane biasane wara-wara iku langsung dibiwarakake saka mejid uta bale dhusun supaya kabeh masyarakat keprungu wara-wara utawa kabar.
b.      Wara-wara awujud tulisan, yaiku wara-wara kang aweh weruh, utawa kabar marang wong liya kang kababar lumantar tulisan. Tuladhane lumantar saka ariwarti, kalawarti, lan panflet utawa poster.
Tuladhane kaya ing ngisor ing iki !

WARA –WARA

Kanggo ngadepi dina riyaya korban, mligine tumrap kang krasuk agama islam, diumpamake :
1.       Dina selasa, tanggal 10 januari 2011 bocah-bocah prei.
2.       Urunan kanggo tuku kewan korban pungkasan katutup ing dina setu, tanggal 7 januari 2011.
3.       Dina rebo, 11 januari 2011, bocah-bocah mlebu kaya padatan.
4.       Tugas ana ngomah : bocah-bocah sing agamane islam supaya gawe laporan marang guru agama islam jumlah kewan kurban sing ana ing daerahe dhewe-dhewe !

Solo, 6 Januari 2011
Kepala SMPN 1 Solo



Prof. H. Koesman, M.M

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.