Kawruh

Minggu, 21 Desember 2014

Taun Jawa

Taun jawa anane wiwit ing jaman Sultan Agung, ora diwiwiti saka taun 1, nanging angka taun Saka 1555 dienggo wiwitane taun Jawa. Dadi nalika taun Saka 1555 taun jawa ya 1555, taun Masehi 1633. Nanging amarga taun Jawa petungane miturut lakune rembulan, 1 taun ana 354 utawa 355 dina lan taun Masehi miturut lakune srengenge, 1 taun ana 365 utawa 366 dina, saben taun gantine taun Jawa ndhisiki 11 dina.  Mulane ltaun jawa karo taun Masehi kang sekawit kacek 78, saya lawas kaceke saya kurang saka 78.
Kanggo menehi arane sasi Jawa, nunggal jeneng karo petungan sasi Arab. Jenenge sasi cacah 12 disalini yaiku sura, sapar, mulud, bakdamulud, jumadilawal, jumadilakhir, rejeb, ruwah, pasa, sawal, dulkaidah lan besar. Kajaba saka iku dianani tengering taun cacahe 8, yaiku alip, ehe, jimawal, je, dal, be, wawu lan jimakir. Wektu sajrone 8 taun diarani sawindu. Arane windu yaiku adi, kutara, sangara, sancaya.

Arane dina ing taun Jawa ana 2, yaiku dina 7 lan dina 5, dina cacah 7, yaiku ngahad utawa radite, senen utawa soma, selasa utawa anggara, rebo utawa buda, kamis utawa respati, jumuwah utawa sukra lan setu utawa tumpak. Arane dina pasaran cacah 5 yaiku pon utawa palguna, wage utawa cemengan, kliwon utawa kasih, legi utawa manis, paing utawa jenar. 

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.