Micara

Kamis, 25 Desember 2014



Micara

1.         Guneman nganggo wangsalan / parikan
Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata kramane utawa unggah-ungguh basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa wangsalan. Unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata susila, tata pranataning basa miturut lungguhing tata karma utawa nggunakake basa.
Babagan unggah-ungguh basa dibutuhake banget ing jaman modern iki. Emane, basa karma kurang  diajarake marang siswa ing sekolahan. Mula iku ing kene para siswa bakal diajari kepiye tuladhane pacelathon marang wong kang luwih tuwa.
Undha-usuking basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa karma. Basa ngoko kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang wis kulina utawa satataran. Dene basa karma kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang durung kulina utawa wong kang tataran bebrayan luwih tuwa.
2.         Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang kadadeyan saka rong ukara, kang dhapukane kanggo purwakanthi swara utawa 8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka, ukara kapindho iku wose utawa isi bakune.
Tuladha :
a.    Manuk emprit, nucuk pari
Dadi murid, sing taberi
b.    Wajik klenthik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
c.    Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar
Lamun sabar, bisa lejar sarta binger
3.         Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman. Dene tebusane utawa batangane (jabwaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Wangsalan keperang dadi loro yaiku wangsalan padinan lan wangsalan tembang.
a.    Wangsalan padinan, yaiku wangsalan kang ana ing paguneman sadina-dina
Tuladha :
ü   Janur gunung, esuk-esuk dolan mrene 
  Janur gunung : aren (kadingaren)
ü   Sekar aren, sampun dangu-dangu
               Sekar aren : dangu
ü   Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso 
   Roning mlinjo : so (godhong mlinjo)
b.    Wangsalan tembang,kang kanggo ing tembang. Bisane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang kinanthi sandhung utawa kinanthi sabakastawa.
Tuladha :
ü   Petis manis, sarining kaca benggala
Aja ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
ü   Jenang sela wedar kalen sasonderan
Apuranta yen lepat kawula
ü   Balung geni, kalong lit kang aneng wisma
Dhuh para siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)


0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.