Pangrakiting Tembung

Minggu, 28 Desember 2014

Pangrakiting tembuing padatan sinebut proses morfologis. Pangrakiting tembung ana ing bada jawa yaiku : Afiksasi, Reduplikasi, Komposisi, Modifikasi lan Pemendekan.

a) Afiksasi yaiku pangrakiting tembung kanthi cara nambahaken afiks ana ing bentuk dasar. Tuladhane di- + gawa = digawa. Afiks ana 4, yaiku :
1. prefiks (afiks sing ditambahke ing sangarepe tembung. Prefiks  uga sinebut ater-ater. Tuladha mi- + tururt = miturut)
2. Infiks (afiks sing diseselke ing satengahing tembung. infiks uga sinebut seselan. Tuladhane -in- + sebut = sinebut)
3. Sufiks (afiks  sing ditambahake ing samburine tembung Sufiks uga sinebut panambang. Tuladhane buku + -e = bukune)
4. Konfiks (afiks kang nduweni elemen loro, yaiku ing ngarep lan mburi. Tuladhane ke-/-an +  bener = kebeneran)
b) Reduplikasi yaiku pangrakiting tembung kanthi cara mbaleni bentuk dasare. Reduplikasi ana sing utuh (penuh) lan uga parsial (sebagian). Reduplikasi utuh sing uga sinebut Dwilingga tuladhane : mlaku-mlaku. Dwilingga salin swara tuladhane : Mloka-mlaku. Reduplikasi parsial ana 4, yaiku :
1. Dwipurwa Tuladhane : Lelara.
2. Dwiwasana Tuladhane : Cekikik.
3. Dwimadya Tuladhane : Diuncal-uncalake
4. Dwimadya salin swara Tuladhane : ditukak-tukokake
c) Komposisi yaiku pangrakiting tembung kanthi cara nggabungake morfem dasar lan morfem dasar, bisa morfem bebas utawa morfem terikat, banjur dumadi identitas leksikal sing beda, utawa anyar. Komposisi ana 2, yaiku :
1. Komposisi sampurna yaiku komposisi kang unsur-unsure awujud tembung. Tuladhane wong tuwa, semar mendem.
2. Komposisi sebagian yaiku komposisi kang salah siji utawa kabeh unsure awujud separoning saka tembung, tuladhane : dubang (idu + abang), lunglit (balung + kulit)
d) Modifikasi ana 2, yaiku modifikasi kosong lan modifikasi internal. Modifikasi kosong uga sinebut konversi, transposisi, utawa derivasi zero, yaiku pangrakiting tembung saka morfem dadi morfem liya tanpa ngowahi unsur segmentale.
e) Pemendekan yaiku pangrakiting tembung kanthi cara ngilangake utawa nyekakake  bagian-bagian morfem utawa nggabungake saengga dumadi bentuk kaya singkatan. tapi maknane tetep utawa padha. Pemendekan ana 4, yaiku :
1. Akronim. Tuladhane : Puskesmas (Pusat Kesehatan Masyarakat)
2. Kontraksi. Tuladhane : Ra ruh (ora + weruh)
3. Aferesis. Tuladhane : jeng (ajeng)
4. Singkatan. Tuladhane : UGM (Universitas Gajah Mada)

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.