Arca Wisnu

Minggu, 14 Desember 2014



Jawi Klasik dipunwiwiti saking mlebetipun Hindu lan Budha ing Tanah Jawi menika.  Mlebetipun lumantar perdagangan antaraipun Jawi lan India. Saking ngriki, Hindu Budha mbekta dhampak dhateng agama, kabudayan Jawi piyambak, lan sanes-sanesipun.
Salah satunggaling bukti menawi Hindhu Budha menika mbekta dhampak, inggih menika  barang ingkang nggadhahi sejarang ingkang sampun dipuntinggalaken .
Ing ngriki, kula badhe  medharaken barang ingkang dipuntinggalaken ing jaman Jawa Klasik. Salah satunggalipun inggih menika Arca Wisnu.
Arca Wisnu  ingkang rupinipun  kados gambar ing sisih kiwa  menika pinanggih ing Semarang. Patung menika dipundamel saking sela ingkang dipunukir.
Wisnu menika salah satunggalipun Dewa Utama ingkang sinebut Trimurti.  Dewa sanesipun ingkang mlebet Trimurti inggih menika Brahma lan Siwa.
Miturut sejarahipun Wisnu menika Dewa ingkang nggadhahi tugas miyara alam. Pramila Wisnu asring sanget mandhap kangge mbiyantu alam. Bibar menika, wisnu lajeng medhalaken kakiyatan ingkang awujud sanjata ingkang dipunwastani Cakra lan Sanka. Sanjangipun sanjata kalih wau saged nglindhungi sinten kemawon kados Wisnu piyambak ingkang nglindgungi.
Kacariyos, Wisnu saged anjelma utawi basa intelekipun  ber-emanasi dados maneka wujud. Sejarahipun Wisnu saged anjelma dados 10 macem watak kangge musnahaken maneka pambeng ing alam menika.


0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.