Micara

Senin, 22 Desember 2014

Micara
Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kanga sale saka masarakat lan ngrembaka ing satengahe masarakat kang kasebar lan diwarisake turun temurun kanthi cara tradhisional lan ing versi kang beda, bisa awujud lisan uga tuladha kang nganggo gerak isyarat utawa pangeling-eling.
Crita rakyat kaperang dadi 3 (telu), yaiku :
ü   Crita rakyat awujud lisan utawa swara. Crita rakyat kang kalebu awujud lisan, yaiku :
a.         Ujaran rakyat utawa ungkapan tradhisional (paribasan, bebasan, saloka, sanepa)
b.        Pitakonan tradhisional (cangkriman lan wangsalan)
c.         Sanjak (parikan lan syair)
d.        Gancaran utawa prosa rakyat (legenda lan mitos), lan
e.        Nyanyian rakyat ( suluk, lagu dolanan)
ü   Crita rakyat awujud saperangan lisan. Crita rakyat kang kalebu awujud saperangan lisan, yaiku :
a.       Kepercayaan
b.      Dolanan rakyat (jamuran, cublak-cublak suweng)
c.       Adat-istiadat
d.      Upacara
e.      Jogged rakyat
f.        Teater rakyat (wayang, kethoprak, ludruk), lan
g.       Pesta rakyat
ü   Crita lisan awujud dudu lisan yaiku crita rakyat kang diangkat utawa kajupuk saka buku. Crita rakyat dudu lisan kasebut bisa awujud kayadene :
a.       Material (wewangunan, arsitektur rakyat, sandhangan, panganan, lan obat-obatan
b.      Dudu material (gerak lan swara, isyarat tradhisional kanggo sesambungan sajroning masarakat), lan
c.       Music rakyat (gamelan)

0 komentar:

Posting Komentar

Total Pageviews

Diberdayakan oleh Blogger.